Yeremia 14:13-18; Jabur 26:1-8; Efesus 5: 1-6
GESANG ING KATRESNAN KADOS GUSTI YESUS
“Lan padha lumakua ing katresnan, kayadene Sang Kristus Yesus uga
wus ngasihi kowe kabeh lan masrahake sarirane kanggo kita
minangka pisungsung lan korban kang arum kagem Gusti Allah.”
(Efesus 5:2)
Ngrimati iman kapitadosan dhumateng Gusti punika kedah dipun tindakaken
dening tiyang pitados supados gesangipun tansah jumbuh kaliyan karsanipun
Gusti. Manawi kita mandheg anggenipun ngrimati iman kapitadosan, iman
punika ugi saged ical. Katresnanipun Gusti Yesus ingkang sampurna dados
ancas tujuaning gesangipun para pitados. Sinaosa kita boten saged gesang
sampurna kados Gusti Yesus, ananging menawi kita sumadya ndandosi lan
mranata gesang kita, tamtu sangsaya dinten gesang kita sangsaya prayogi,
saged mujudaken katresnan ingkang tumuju dhateng kasampurnanipun.
Rasul Paulus, wonten ing seratipun dhateng pasamuwan ing Efesus,
ngatag pasamuwan supados purun nuwuhaken iman kapitadosan ing salebeting
gesangipun. Gesang minangka putra-putraning pepadhang. Gesang ing
pepadhangipun Sang Kristus ateges kedah nglajengaken gesang ingkang
nuladha dhateng katresnanipun Gusti Yesus. Kalih prakawis punika ingkang
saged damel kita dados putra-putraning pepadhang. Dados pribadi ingkang
tansah ngupadi nindakaken karsanipun Gusti ing gesang saben dintenipun,
lan nebihi prakawis-prakawis ingkang awon. Mbudidaya nindakaken punika
sadaya badhe ndadosaken dhiri kita tansah tuwuh ing iman kapitadosan,
satemah saged gesang kebak katresnan kados gesangipun Gusti Yesus.
Pancen gesangipun saben tiyang punika unik. Cara gesangipun ugi
beda-beda. Ananging prakawis wigati ingkang kedah dipun gatosaken inggih
punika tansah mbudidaya tuwuh lan ngrembaka. Nalika kita purun tuwuh
ngrembaka, mbik manawi kita saged ngalami “dhawah” utawi gagal. Ananging
kita kedah enggal-enggal “menyat, bangkit” lan nglajengaken gesang kita.
Wonten wekdalipun kita dhawah lan wonten wekdalipun kita menyat malih
kanthi pitulunganipun Gusti. Kanthi mekaten, kita nglampahi gesang ingkang
jumbuh kaliyan karsanipun Gusti. |*YCK
