+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 3 Agustus 2026 Minggu Limrah

Pangandharing Toret 8:1-10, Jabur 78:1-8, 17-29, Rum 1:8-1

NDHEREK BINGAH AWIT GESANGIPUN TIYANG SANES
“Luwih dhisik aku saos sokur marang Allahku marga dening Gusti Yesus Kristus
ing ngatase kowe kabeh, awit kabar bab pracayamu wus sumebar
ing sajagad.” (Rum 1 :8)

Cariyos utawi kabar ngengingi tiyang sanes, mirunggan ingkang gadhah
sesambetan celak kaliyan dhiri kita temtu badhe ndhatengaken raos ingkang
beda ing manah kita. Saged kemawon kita rumaos bingah, lan ugi saged
rumaos sedhih, lan sapiturutipun. Salah satunggaling bab ingkang wigati
inggih punika saged ngraosaken bingah awit saking kawontenan prayogi
ingkang dipun raosaken dening tiyang sanes. Jagad samangke langkung
asring damel kita boten saged ningali kowontenan prayogi ingkang dipun
gayuh tiyang sanes. Ananging kita langkung bingah menawi tiyang sanes
ngraosaken kasisahan ing gesang.
Rasul Paulus maringi tuladha sikep gesang ingkang prayogi nalika nanggepi
gesang tiyang pitados ing kitha Rum. Awit saking kawontenanipun, Rasul
Paulus boten saged tuwi tiyang pitados ing kitha Rum punika. Sinaosa
mekaten Rasul Paulus mireng pawartos bab gesang kapitadosanipun tiyang
ing kitha Rum punika. Rasul Pulus paring pangandika lumantar serat, bilih
piyambakipun ndherek bingah awit gesang sae ingkang dipun raosaken
dening para kagunganipun Gusti. Bab punika perkawis ingkang wigati, lan
dados dhasar ingkang kedah dipun tuwuhaken ing manahipun tiyang
pitados. Rasul Paulus ugi paring tuladha kanthi ndongakaken tiyang sanes.
Pramila, seratipun Rasul Pulus kagem pasamuwan ing kitha Rum punika
dados dhasar iman kangge tiyang pitados ing wekdal samangke.
Timbalan tumrap tiyang pitados inggih punika nuwuhkan iman kapitadosan
kanthi tumindak ingkang sae. Menawi iman kapitadosan kita boten saged
tuwuh ngrembaka, asilipun inggih punika kita badhe kecalan tentrem rahayu.
Mugi kita saged nuladha tumindakipun Rasul Paulus, sumadya ndherek
bingah awit gesangipun tiyang sanes ingkang sae lan prayogi. Saklajengipun,
tansah purun ndedonga kangge kasaenaning gesangipun tiyang sanes.
Kanthi mekaten kita sampun dados berkah tumrap sesami. |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *