Yesaya 55:1-5; Jabur 145: 8-9, 14-21; Rum 9:1-5; Mateus 14:13-21
MANAH INGKANG WELAS ASIH
“Nalika Gusti Yesus minggah ing dharatan, mirsa wong pirang-pirang,
kang akeh banget cacahe, panggalihe trenyuh marga saka welase
marang wong-wong mau. Sing padha lara banjur diwarasake.”
(Mateus 14:14)
Tumindaking manungsa punika gumantung saking manahipun. Manawi
manah manungsa saged ngolah rasa kanthi sae, tumindaking manungsa ugi
tansah sae. Punika gumantung saking cara manungsa ngolah rasa ing
manahipun. Tumindaking manungsa punika ugi nggambaraken pribadipun.
Ananging, dereng temtu tiyang sanes saged nampi tumindak ingkang sae
punika. Wonten tiyang ingkang nganggep tumindak sae punika prakawis
ingkang awon ing gesangipun.
Gusti Yesus maringi tuladha bab tumindak ingkang sae. Nalika tiyang
kathah ndherek Gusti Yesus awit sami kepengin mirengaken pangandikanipun,
Gusti Yesus boten ngusir tiyang kathah punika. Gusti Yesus kagungan manah
ingkang welas asih. Panjenenganipun tetep paring pangandika lan mulang
tiyang kathah punika. Langkung-langkung Panjenenganipun ugi nyarasaken
tiyang-tiyang sakit. Nalika tiyang kathah punika mbetahaken tetedhan,
Gusti Yesus paring tetedhan saking roti gangsal lan ulam loh kalih. Sinaosa
tumraping para sakabat punika boten cekap dipun tedha tiyang kathah
punika. Ananging punapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus punika
kawiwitan saking manah ingkang kebak welas asih. Awit saking kuwaosipun
Gusti, roti cacah gangsal lan ulam loh kalih punika saged nyekapi kabetahaning
tiyang kathah ngantos sami tuwuk.
Gusti Yesus paring tuladha bab manah ingkang kebak welas asih lan
sumadya mbiyantu tiyang sanes ing sadaya kawontenan. Kados pundi
kawontenaning manah kita? Punapa manah kita sampun kebak welas asih?
Punapa kita sampun purun mbiyantu tiyang sanes ing sadaya kawontenan?
Supados kita saged ndarbeni manah ingkang kebak welas asih, kita kedah
sinau ngolah rasa. Ngolah rasa magepokan kaliyan bab ngraos-raosaken
pangrimatipun Gusti tumrap gesang kita. Kita saged gesang ngantos samangke
awit welas asih saking Gusti. Kanthi andarbeni manah ingkang welas asih
lan sumadya mbiyantu sesami ing sadaya kawontenan, tiyang sanes badhe
ngraosaken berkah saking Gusti. |*YCK
