Yesaya 44:1-5; Jabur 145:8-9, 14-21; Mateus 7:7-11
GUSTI MIGATOSAKEN PAMBUDIDAYA KITA
“Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golek-golekna,
temah bakal oleh. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan.”
(Mateus 7:7)
Menawi kita ngrembag babagan pertanian, among tani punika badhe
nampi kasil jumbuh kaliyan ingkang dipun tanem. Winih pari badhe ngasilaken
pari, winih jagung ugi badhe ngasilaken jagung. Winih ingkang dipun tanem
mesthi badhe ngasilaken tanduran ingkang sae, menawi kita tansah ngrimati
tanduran punika kanthi sae ugi. Mekaten ugi ing babagan tumindaking
manungsa. Punapa ingkang badhe kita pethik punika gumantung kaliyan
punapa ingkang kita upadi.
Gusti Yesus nalika memucal bab pandonga ugi ngagem lambang ingkang
gampil dipun wawas tumrap tiyang kathah. Sinten ingkang nyenyuwun
punika badhe dipun paringi, tiyang ingkang madosi badhe nampi, lan sinten
ingkang thothok-thothok mesthi badhe dipun bikakaken kori.
Kanthi pamawas bilih Gusti minangka Rama ingkang badhe maringi
sadaya ingkang sae tumrap para kagunganipun, mila sadaya tiyang badhe
kaparingan sadaya ingkang trep kaliyan punapa ingkang sampun dipun
budidaya. timbalanipun manungsa inggih punika mawas punapa ingkang
dipun suwun sami kaliyan ingkang dipun betahaken. Menawi kita gadhah
pepinginan ngasilaken woh ingkang sae, kita ugi kedah sinau kados pundi
caranipun supados saged ngasilaken woh ingkang sae lan migunani.
Pramila, sumangga kita nggatosaken malih, punapa pandonga-pandonga
ingkang kita aturaken dhateng Gusti punika sampun trep kaliyan punapa
ingkang kita betahaken? Punapa kita sampun mbudidaya utawi ngupadi
kanthi cara ingkang sae? Punapa kita tansah tothok-tothok ing korining sih
rahmatipun Gusti? Kadospuni kita ngupadi punapa ingkang dados pepenginan
kita punika kanthi cara-cara ingkang trep kaliyan karsanipun Gusti? Kanthi
pitados bilih pambudidaya kita wonten ing Gusti punika boten badhe muspra,
Gusti temtu badhe maringi punapa ingkang prayogi tumrap ing gesang kita. |*YCK
