+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 4 Agustus 2026 Minggu Limrah

Pangandharing Toret 26:1-15, Jabur 78:1-8, 17-29, L. Para Rasul 2:37-47

MANTEP NINDAKAKEN PIWULANG
“Wong-wong mau padha ngantepi ing piwulang para rasul lan anggone
tetunggalan sarta padha tansah nglumpuk, prelu nyuwil-nyuwil
roti lan ndedonga.” (Lelakone Para Rasul 2:42)

Ing gesang padintenan, kathah tiyang ingkang namung remen tumbas
barang-barang ingkang anyar, nanging boten saged ngrimati gadhahanipun,
temahan barang punika boten saged awet lan dados risak. Ing gesang tiyang
pitados ugi mekaten, iman kapitadosan kita ugi saged risak menawi kita
rimati kanthi prayogi.
Pasamuwan wiwitan paring tuladha ingkang sae, kados pundi anggenipun
ngrimati iman kapitadosan ing sampun wonten ing gesangipun. Rikala
semanten, wonten wetawis 3000 tiyang ingkang pitados awit paseksinipun
Petrus lan sakabat sanesipun. Petrus lan sakabat sanesipun ngrimati iman
kapitadosan kanthi tansah mantep nindakaken piwulang saking Gusti Yesus.
Ing ayat 42 nedahaken wonten 4 prakawis ingkang dipun tindakaken, inggih
punika nindakaken piwulang para rasul, nglempak sesarengan, nyuwil-
nyuwil roti, lan ndedonga. Mantep anggenipun nindakaken piwulang ndamel
pasamuwan sangsaya kiyat iman kapitadosanipun. Nglempak sesarengan
ateges ndamel kapitadosan tansah urup ing salebeting gesang sesarengan.
Nyuwil-nyuwil roti utawi bujana ndamel para pasamuwan tansah mawas
maknanipun pangurbanan Sang Kristus kangge nuwuhaken kapitadosan,
katresnan lan pangajeng-ajeng. Lan ndedonga ndamel pasawun tansah
rumaket dhateng Sang Kristus. Kanthi sesarengan nindakaken prakawis
punika, pasamuwan tansah kaparingan kakiyatan kangge nglajengaken
gesang kanthi kebak ing kapitadosan dhateng Gusti, kebak ing katresnan,
lan pangajeng-ajeng bab gesang langgeng.
Kados pundi anggenipun kita ngrimati iman kapitadosan kita? Punapa
kita sampun mantep nindakaken piwulang saking Gusti? Punapa kita sampun
gesang sesarengan ing salebeting Sang Kristus? Punapa kita sampun ngraos-
ngraosaken maknaning bujana suci minangka lambang pangurbananipun
Yesus Kristus? Lan punapa kita ugi sampun ndedonga kanthi cara ingkang
leres dhateng Gusti Yesus Kristus? Sumangga kita sami mantep nindakaken
4 prakawis punika, temahan iman kapitadosan kita ugi saged tuwuh ngrembaka
kanthi dhasar katresnan lan pangajeng-ajeng. Gusti tansah mberkahi kita
sadaya! |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *