1 Para Raja 1: 38-48; Jabur 119:129-136; Mateus 12:38-42
AJA MUNG NYUWUN TANDHA
“Nalika samana ana ahli Toret lan para Farisi sawatara, kang padha
matur, “Guru, kula sami kapengin sumerep pratandha saking
Panjenengan.”
Nanging paring wangsulane, “Golongan kang ala lan ora setya iki
njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan, kajaba mung
pratandhane Nabi Yunus.” (Mateus 12:38–39)
Para ahli Toret lan tiyang-tiyang Farisi nyuwun dumateng Gusti Yesus
supados paring tandha saking swarga, kamangka Panjenenganipun sampun
nglairaké kathah tandha lan mukjijat-mukjizatipun. Panjenenganipun paring
wangsulan bilih golongan punika boten badhe kaparingan tandha kejawi
pratandhanipun Nabi Yunus. Pratandhanipun Yunus punika nelakaken bab
ingkang wigati inggih punika bab seda lan wungunipun Sang Kristus saking
pati. Tigang dinten Yunus mapan ing wetengipun ulam ageng. Punika nggambaraken
kadospundi anggenipun Gusti Yesus ugi badhe wonten ing saklebeting
telenging pati tigang dinten laminipun, lajeng wungu ngawonaken pati.
Piwucal punika ngemutaken bilih kathah tiyang ingkang nyuwun tandha,
bukti, mukjijat, nanging boten purun mbikak manahipun kangge pitados
dumateng Gusti. Pramila pratanda agung arupi seda lan wungunipun Sang
Kristus punika boten dipun tampeni. Panjenenganipun minangka tandha
katresnaning Allah ingkang sejatos tumraping manungsa, nanging boten
sedaya tiyang saged nyumurupi.
Sumangga kita bikak manah kita supados saged nyumurupi tandha-
tandha ingkang dipun paringaken saben dinten. Kanthi mekaten saged
ndayani sangsaya kekahing gesang kapitadosan kita dumateng Gusti Yesus.
Manah ingkang resik saged nyumurupi pitedahipun Gusti, nanging manah
ingkang wangkot punika namung nuntun dhateng piala lan karisakan. Mugi
kita tansah tanggap dhumateng kasucen lan pitutur sejati saking Sang Kristus
Gusti. Amin. |*SP
