+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 26 Juli 2026 Minggu Limrah

1 Para Raja 3:5-12; Jabur 119:129-136; Rum 8:26-39; Mateus 13:31-33, 44-52

KRATONING SWARGA: WIWITANE CILIK, WUSANANE GEDE
“Padha-padha wiji, wiji sawi iku pancen cilik dhewe, nanging yen wus
thukul, gedhene ngluwihi janganan liya-liyane, malah banjur dadi wit-
witan, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha saba mrono lan
nusuh ing pang-pange.” (Mateus 13:32)

Punapa wonten peranganing donya ingkang boten owah gingsir? Boten
wonten. Sedaya badhe ngalami owah-owahan. Gusti Yesus ngginakaken
mawarni-warni pasemon ingkang tundhonipun sedaya punika nyariosaken
babagan Kratoning Swarga. Wonten pasemon bab wiji sesawi, ragi, bandha
ing ndoya, lan sapiturutipun. Sadaya punika minangka gambaran bilih Kratoning
Allah kawiwitan saking bab-bab ingkang alit, prasaja, lan boten katingal onjo,
nanging menawi sampun dumugi titiwancinipun, bab-bab ingkang alit punika
badhe tuwuh dados ageng, ngowahi donya, lan ngemot kabingahan abadi.
Wiji sesawi punika wujudipun namung alit sanget, nanging nalika dipun
tanem lan dipun rimati kanthi saestu, saged tuwuh dados wit-witan ingkang
ageng ingkang maringi papan kangge ngaup lan ngayom. Punika minangka
gambaran menawi iman, sanajan sepele, menawi dipun rimat kanthi setya
lan kebak katresnan, saged ngowahi lampah gesangipun manungsa lan
masyarakat. Kratoning Swarga boten saking panguwaos, nanging saking
kawilujengan lan sih katresnan. Tiyang ingkang manggihaken mutiara ingkang
awis reginipun, sumadya kangge ngeculaké sadaya kagunganipun murih
pikantuk mutiara punika.
Sumangga kita tansah ngudi Kratoning Allah, sinaosa wiwitanipun alit
lan prasaja. Awit gesang Kristen saged dipun wiwiti saking tembung ingkang lugu,
nanging nalikanipun katindakna, badhe ngowahi gesang. Mugi kita dados
tiyang ingkang sregep nandur wiji kabecikan, sabar, ngandel dhumateng
Gusti, lan setya anggayuh kabingahan langgeng ing Kratoning Swarga. Amin.
|*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *