+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 24 Juli 2026 Minggu Limrah

1 Para Raja 1: 38-48; Jabur 119:129-136; Lelakone Para Rasul 7:44-53

AJA NGADHEP GUSTI KANTHI ATI KANG WANGKOT
”He, tiyang ingkang sami ndableg, wangkot ing manah, sarta mbudheg,
sampeyan tansah sami nglawan Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan,
inggih makaten ugi sampeyan sadaya.” (Lelakone Para Rasul 7:51)

Stefanus, minangka tiyang ingkang pinilih lan kapenuhan Roh Suci,
ngandika kanthi kawicaksanan dhumateng para pangarsaning agami, nyariosaken
sajarahing bangsa Israel wiwit jaman Musa ngantos rawuhipun Sang Mesias.
Panjenengané nyariosaken bilih leluhuring bangsa Israel gadhah Padaleman
Suci, nanging tetep nglawan dumateng pangandikanipun Gusti. Padaleman
punika namung lambang, nanging tiyang-tiyang punika langkung remen
ngugemi tradisi tinimbang karsanipun Gusti. Stefanuis ngendikakaken bilih
para leluhur namung caket ing lathi kemawon nangijng manahipun tebih
saking Gusti Allah.
Sabda pangandika punika paring penget murih kita sampun ngantos
nindakaken pepakening agami sacara lair kemawon. Pepakening agami
kedah katampi lan katindakaken lair trusing batos kanthi manah ingkang
andap asor saha tinarbuka kangge nampi dawuh pangandikanipun Gusti.
Awit menawi mboten mekaten kita badhe dados pribadhi ingkang ndableg
saha wangkot manahipun.
Sumangga kita niti priksa manah kita piyambak-piyambak, punapa kita
sampun manembah dumateng Allah kanthi setya lan andap asoring manah?
Utawi anggen kita sowan Gusti punika namung kangge ngugemi pakulinan?
Sampun ngantos kita dados umat ingkang sacara lair manembah dumateng
Allah, nanging manahipun tebih saking pangandikanipun Allah. Sami ndableg,
wangkot lan nglawan Roh Suci. Pangandikanipun Stefanus ugi dados
pepemut kangge kita bilih Gusti Allah ngersakaken dedalem ing manahipun
manungsa minangka Padalemanipun ingkang suci. Mugi kita boten ndableg
lan mangkotaken manah nalikanipun dipun utus saha dipun tuntun. Sumadya
nyendengaken talingan lan ngasorakén manah dhumateng pitedahipun Gusti.
Amin. |*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *