+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 15 Juli 2026 Minggu Limrah

Wulang Bebasan 11:23-30; Jabur 92; Mateus 13:10-17

TINARBUKA KAGEM PITUTUR SUCI
“Iya iku sababe anggonku paring pangandika marang wong-wong iku
nganggo pasemon, awit sanadyan mripate padha ndeleng, nanging ora
weruh, lan sanadyan padha ngrungokake, nanging padha ora krungu lan
ora ngerti.” (Mateus 13:10-17)

Nalika para sakabadipun nyuwun pirsa kenging punapa Gusti Yesus remen
ngendika ngginakaken pasemon, Panjenenganipun paring wangsulan, bilih
para sekabat diparingi kawruh bab wiwitinga Kratoning Swarga, nanging tiyang
sanes boten. Punika mboten ateges Gusti milih-milih, nanging gumantung
saking kabukakipun manah kangge nampi Sabda. Tiyang ingkang wangkot
manahipun, mesthi boten saged mangertos makna sabda, sinaosa sampun
asring mirengaken.
Miturut Gusti, paningal lan talinganipun manungsa asring kaganggu
awit pikajengipun piyambak. Kamangka, Gusti nimbali kita sedaya supados
dados umat ingkang tansah ngudi kawilujengan. Nanging karsanipun punika
asring kawon déning ego lan kabetahan pribadining manungsa. Gusti nimbali
kita dhateng pangertosan ingkang kalangkung lebet, nanging manungsa
asring ngandelaken pangertosanipun piyambak. Nanging, tumraping manungsa
ingkang sumarah lan tulus, temtu piwucalipun Gusti badhe paring kawruh
lan pangertosan linangkung.
Mila, sumangga kita andhap asor lan nyawisake manah ing saben wekdal
kangge nampi piwucaling Gusti. Nggegilut ngantos mangertos wosing sabdanipun,
rumasuk lan mapanaken ing sak lebeting manah sedaya pangandikané
Gusti, lan dipun lampahi kanthi setya. Nglatih manah kangge purun nampi
lan ngrasuk sedaya pangandikanipun Gusti punika minangka wujud laku
iman ingkang langgeng. Mugi kita dados tiyang ingkang tansah kagungan
paningal lan talingan rohani, anggadhahi rasa ajrih lan sumarah dhumateng
Sang Sabda. Amin. |*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *