+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 14 Juli 2026 Minggu Limrah

Pangandharing Toret 28:1-14; Jabur 92; Efesus 4:17-5:2

NGRASUK KAMANUNGSAN ANYAR
“Yaiku menawa kowe, ing bab lakumu kang biyen, kudu ngrucat
kamanungsan lawas, kang nemahi rusak awit saka anane hawa-napsu
kang nasarake, supaya kowe padha dianyarake ing roh lan pikiranmu, lan
ngrasuk kamanungsan anyar, kang wis tinitahake manut karo karsaning
Allah ing kayekten lan kasucen kang satuhu.” (Efesus 4:22-24).

Rasul Paulus paring pepenget dumateng umat ing Efesus supados sampun
ngantos kelu ing tata gesangipun para tiyang ingkang boten pitados. Tiyang-
tiyang punika penggalihipun peteng, manahipun wangkot lan tumindakipun
tebih saking Gusti. Rasul Paulus ngersakaken supados umat ngrasuk gesang
ingkang sampun kaanyaraken lantaran sabdaning Gusti lan Roh Suci. Tata
gesang anyar ingkang kebak ing kayekten, kabecikan, lan katresnan.
Gesang anyar boten namung perkawis owah-owahan tata lair kemawon,
nanging kedahipun owah-owahan punika lair trusing batos. Kita katimbalan
kangge nyingkiraken prasangka, nesu, demen apus-apus punapa dene
tumindak awon. Salajengipun ngagem (mbudidaya mujudaken) raos welas
asih, paring pangapunten, napa dene becik dhateng liyan. Sasampunipun
kita nyumurupi katresnanipun Sang Kristus ingkang tanpa wates, kita
kadhawuhan supados gesang nglairaken katresnan ingkang tanpa pamrih.
Katresnan punika sanes namung emosional kemawon, nanging katresnan
kang makarya, nyantosakaken, lan milujengaken.
Sumangga kita sami ngrasuk tata gesang anyar ing Sang Kristus saben
dinten. Srana gesang miturut katresnanipun, kita badhe saged ngowahi
lingkungan kita. Kita saged mujudaken tata gesang suci Gesang ingkang
nengsemaken Gusti, lan mujudaken kratoning Gusti wonten ing donya
punika. Gesang anyar punika pisungsung suci ingarsanipun Gusti. Amin. |*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *