+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 13 Juli 2026 Minggu Limrah

Kaimaman 26:3-20; Jabur 92; 1 Tesalonika 4:1-8

NGUDI KASUCEN KANG DADI KARSANE GUSTI
“Wasana, para Sadulur, panjaluk lan pituturku kabeh marang kowe ana
ing patunggilane Gusti Yesus: Kowe wis padha krungu saka aku, kepriye
kudune lakumu supaya ndadekake keparenging Allah. Bab iku pancen wis
padha koktindakake, ewasamono prayogane kowe saya tumemena
anggonmu padha tumindak mangkono.” (1 Tesalonika 4:1)

Rasul Paulus maringi piwucal dhumateng pasamuwan ing Tesalonika
bilih gesang ingkang nderek karsanipun Gusti punika kedah suci lan tebih
saking dosa. Rasul Paulus ngersakaken supados umat nindakaké kabecikan
miturut piwucal ingkang sampun diparingaken, sarta njagi badan saking
remen nuruti hawa nepsu ingkang boten trep. Kasucen punika boten
namung bab tata lair/kajasmanen, nanging nepsu lan krenteging manah ugi
kalebet. Ngudi kasucen punika wujud ngurmati badan minangka padalemanipun
Sang Roh Suci.
Ing wekdal samangke, kasucen dados kados bab ingkang langka lan
asring dipun wastani kolot. Nanging karsanipun Gusti tetep sami, awit
Panjenenganipun nimbali kita dados umat ingkang benten kaliyan donya.
Ngudi gesang suci punika boten namung nebih sakingi panggoda, nanging
ugi nindakaken lampah gesang ingkang suci lan ngajeni sesami. Prasetya
iman mboten namung ing tutuk, nanging kedah dipun tindakaken kanthi
tumundak nyata ing saben dinten.
Mila, sumangga kita ngudi kasucen kanthi setya. Prayoginipun kita
tansah ndedonga nyuwun kekiyatan saking Gusti, amargi kita piyambak
mboten badhe saged tanpa pitulunganipun Gusti. Sampun ngantos kita
nglirwakake pangandikane Gusti lan nilar pakaryanipun Sang Roh Suci. Mugi
kita tansah nresnani Gusti kanthi manah ingkang suci, nresnani sesami
kanthi ikhlas, lan ngudi sieap gesang ingkang mulya. Amin. |*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *