Yesaya 41:21-29; Jabur 86:11-17; Ibrani 2:1- 9
AJA NGLALEKAKE KASLAMETAN SAKING GUSTI
“Sabab menawa pangandika kang kadhawuhake lantaran para malaekat
iku tetep tumindak, sarta sarupane panerak lan pambangkang iku tampa
piwales kang murwat, kepriye anggon kita bakal oncat, menawa kita
nglirwakake karahayon kang samono gedhene, kang wiwitané
kaundhangake dening Gusti sarta kaantepake marang kita dening kang
padha ngrungokake?” (Ibrani 2:2-3 )
Pangandika ing kitab Ibrani ngemutaken kita supados sampun ngantos
kita nglirwakaken sabda ingkang sampun nate kita pirengaken saking Gusti.
Kawigatosan ing bab nampeni sabdanipun Gusti punika sanes perkawis
enteng lan remeh. Gusti paring pawartos kabingahan lumantar para nabi
lan Sang Putra piyambak, lan sabda punika paring kiyat santosa lan mesthi
kebak ing daya kuwaos. Saben kalepatan lan panyuwunan tansah nampa
ganjaran adhedasar sedaya kabecikanipun Gusti Allah.
Menawi kita sampun nampi kabar kabungahan ingkang agung, injih
punika kawilujengan lumantar Gusti Yesus Kristus, nanging tata gesang kita
namung nderek dateng pikajeng kita piyambak, menika njalari tuwuhing
bebaya rohani. Gusti paring pangapunten lan sih katresnan, nanging Gusti
ugi adil lan suci. Kita dipun emutaken bilih kawilujengan punika sampun
ngantos dipun anggep perkawis enteng lan remeh. Kita kedah ngrasuk
kanthi ati setya lan makarya adhedasar kabecikan.
Sumangga kita tansah eling lan waspada, ngudi pangertosan, lan
ngucap sokur awit kawilujengen sampun cumadhang kangge kita lumantar
rah kurbanipun Yesus Kristus. Sampun ngantos kita kesupen, ngantos mandheg,
utawi leha-leha anggen kita nindakaken peladosan kita dhumateng Gusti
Allah. Prayogi kita tansah netepi timbalan minangka tiyang ingkang dipun
wilujengaken, nampi kabingahan lan mujudaken karahayon punika kanthi
lampah gesang nyata ing saben dinten. Amin. |*SP
