+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 27 Juni 2026 Minggu Limrah

Yeremia 28:1-4; Jabur 89:1-4, 15-18; Lukas 17:1-4

PRAJANJENIPUN GUSTI LANGGENG
“Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan
pilihaningSun. Ingsun wus supaos marang Dawud abdiningSun.”
(Jabur 89:4)

Kadosdene kawontenanipun Gusti Allah punika langgeng, prajanjinipun
Gusti dhumateng manungsa ugi langgeng. Prajanjen ingkang nedahaken
panguwaosipun Gusti, ingkang mboten saged dipun jajagi dening manungsa.
Contonipun, bab ingkang kapratelakaken dhateng abdi pilihanipun, inggih
Prabu Dawud.
Prajanjenipun Gusti Allah dhateng Prabu Dawud, inggih menika: dhamparing
krarajanjipun ing salami-laminipun, sarta kaparingaken ngantos turun-tumurun
(Jabur 89:5, 2Samuel 7:13). Karajan ingkang dados peparingipun Gusti mboten
bab tata lair, karajan politis ingkang wonten ing jagad menika. Nanging
karajan tata kasukman, inggih karajan langeng ing kaswargan.
Gusti Allah paring pameca bab turunipun Prabu Dawud ingkang lenggah
ing karajan tata kasukman, inggih Gusti Yesus. Panjenenganipun minangka
Ratuning kawilujengan ingkang mbirat dosa-dosaning manungsa. Ratu ingkang
langgeng, ingkang maringi kawilujengan tumrap sedaya titah ing jagad menika
menapa dene ing swarga, kangge wekdal samangke ugi ing salaminipun.
Prajanjenipun Gusti Allah langgeng kangge salaminipun tumrap sedaya
manungsa lan sedaya titah.
Prajanjenipun Gusti tumuju dhateng sedaya tiyang pitados. Rikala
tyang pitados ndherek lan pitados dhateng Gusti Yesus, prajanjen langgeng
peparingipun Gusti rumasuk ing gesangipun. Minangka tiyang pitados, sedaya
tiyang Kristen nampeni kawilujengan lan katentreman ing jagad menika, ugi
rikala seda nampi sih nugraha ing swarga.
Ing tata kasukman, sedaya tiyang Kristen minangka trahipun prabu Dawud.
Trah lumantar Gusti Yesus, ingkang dados turunipun Sang Prabu Dawud. Trah
ingkang mbingahken, ingkang kedah dipun jagi salamining gesang. Ateges
minangka timbalan: mangga tansah nggadhahi kapitadosan ingkang mboten
nate telas dhumateng Guti Yesus minangka Juru Wilujenging jagad. Kapitadosan
ingkang dados margining kawilujngan langgeng peparingipun Sang Kristus.
Amin |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *