+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 28 Juni 2026 Minggu Limrah

Yeremia 28:5-9; Jabur 89:1-4, 15-18; Rum 6:12-23; Mateus 10:40-42

SAMPUN UWAL SAKING DOSA
“Nanging saiki bareng kowe wus padha kauwalake saka ing dosa
lan bareng kowe wus padha dadi abdining Allah, kowe padha ngundhuh
woh kang nuntun kowe marang kasucen sarta wekasane iku urip
kang langgeng” (Rum 6:22)

Tiyang pitados punika sampun uwal saking dosa. Gusti Allah, ing
pakaryanipun Sang Kristus nguwalaken manungsa saking dosa-dosanipun.
Sedaya menika saged kelampahan, awit manungsa pitados dhateng Gusti
Yesus, tuwin Gusti Yesus mbirat sedaya lepat lan dosaning manungsa.
Prekawis menika minangka sih nugrahanipun Gusti dhateng manungsa.
Sampun kelampahan nyata ing gesanging manungsa. Ateges, sedaya tiyang
Kristen sampun kabirat dosanipun dening Gusti Yesus. Nampi gesang
wilujeng ing jagad, menapa dene nggadhahi pangajeng-ajeng gesang mulya
ing kaswargan. Mila, sageda mongkog dados tiyang Kristen. Suka bingah
tuwin bombong dados pendherekipun Sang Kristus.
Kawontenan ingkang mekaten ampun ngantos dados margining
gumunggung, dupeh sampun nampi uwal saking dosa. Gumunggung
ingkang ndadosaken kesupen ing kahanan, lajeng kepleset tumindak ala lan
ngala-ala tiyang sanes. Gumunggung ingkang ndadosaken dhumawah ing dosa
lan gesang ing kadosan malih. Kawontenan ingkang mrihatosaken minangka
tiyang Kristen. Kenging menapa tiyang Kristen dhumawah ing dosa malih,
dados abdinipun si dosa malih? Ampun ngantos!
Tiyang Kristen nggadhahi gesang ingkang bermutu utawi berkualitas.
Gusti Yesus ingkang maringi gesang bermutu tuwin berkualitas wau. Tegesipun,
Tiyang Kristen katimbalan dening Gusti supados gesang ing kasaenan, bebener
lan kawilujengan awit kadunungan Rohing Bebener ing gesangipun. Tiyang
Kristen sageda njagi kualitasing gesang ing pamanggih, wicantenan, ugi tumindak
ing gesang saben dintenipun. Kualitas ingkang sae, mboten endhek-endhekan.
Bebasan kebo ingkang sampun kaguyang dening pak Tani, mboten wonten
blethokipun malih, sampun resik saking blethok. Mekaten ugi tiyang Kristen
ingkang sampun kabirat dosanipun dening Gusti Yesus, uwal saking
blethoking dosa. Ampun tumindak dosa malih, ampun balik ing blethoking
dosa malih. Sageda gesang enggal ing bebeneripun Gusti. Amin. |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *