+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 26 Juni 2026 Minggu Limrah

Yeremia 25:8-14; Jabur 89:1-4, 15-18; Lukas 17:1-4

KUDU KOKAPURA
“Saupama anggone kaluputan marang kowe ngantia kaping pitu sadina
lan kaping pitu uga anggone marani kowe sarta pratela:
Aku kaduwung, iya kudu kokapura.”
(Lukas 17:4)

Gusti Yesus paring piwucal bab ngapunteni dhateng tiyang sanes. Ing Injil
Mateus 18:21-22 sinerat ngapunteni dhateng sesami ngantos kaping pitung
dasa ping pitu. Menawi petangan angka pinanggih kaping 490. Nanging,
menapa ta intinipun ngapunteni dhateng tiyang sanes?
Ngapunteni kalepatanipun tiyang sanes ngemu teges, sepisan, nindakaken
pakaryan ingkang dados karsanipun Gusti Yesus, nuladha Gusti Yesus ingkang
sampun ngapunteni kalepatan kita sami. Kaping kalih, mratelakaken kualitasing
gesang. Tetiyang ingkang ngapunteni lepatipun tiyang sanes mratelakaken
kualitasing gesang ingkang mumpuni. Dene tiyang ingkang dipun apunteni
lepatipun dipun bikak kori kualitasing gesang ingkang sae, kepara dados
tiyang mumpuni ugi.
Kaping tiga, tetiyang ingkang tumindak apunten-ingapunten mratelakaken
gesang nyata ing karukunan. Saderengipun saged kelampahan gesang ing
sesatron, jothakan, nanging candhakipun kagantos ing karukunan, guyub-
rukun, pasedherekan, ugi memitran ingkang rumaket. Gesang ingkang
kadunungan Roh Suci, Roh Karukunan, ingkang ndadosaken manungsa
gesang ing guyub-rukun lan pasedherekan.
Tetiyang ingkang paring pangapunten dhateng tiyang sanes mbetahaken
longgaring manah. Ing madyaning masyarakat wonten tetembungan “jembar
segarane”, ingkang mratelakaken manahing manungsa ingkang jembar
pindha samodra ingkang saestu wiyar. Tiyang ingkang purun ngapunteni dhateng
sesami saestu nggadhahi manah ingkang wiyar pindha samodra. Dados tiyang
ingkang sabar, tiyang ingkang kadunungan rohing kasabaran, inggih Roh Suci.
Ngapunteni kaping 70 ping pitu mboten ateges ngapunteni kaping 490.
Nanging tegesipunngapunteni tanpa winates, kanthi gumolonging manah,
tanpa raos nggrundel ing manah. Mila, tiyang ingkang keduwung lan purun
ngakeni lepatipun, katampia kanthi gumolonging manah. Dipun tampi malih
minangka sedherek lan gesang guyub-rukun. Amin |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *