+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 25 Juni 2026 Minggu Limrah

Yeremia 25:1-7; Jabur 89:1-4, 15-18; Galati 5:2-6

DADOS TIYANG MARDIKA
“Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita.
Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh
dikalungi pasangan pangawulan”
(Galati 5:1)

Mardika ing babagan tata kasukman inggih menika manungsa mboten
kawengku malih ing dosa, ing panguwaosing roh pepeteng. Awit, kita sami tiyang
Kristen sampun nampi kamardikaning gesang, inggih menika panebusaning
dosa dening Gusti Yesus, lan kita nampi kanthi gumlongging manah.
Rasul Paulus ngengetaken, kita sami ingkang sampun nampi kamardikaning
gesang tata kasukman, ampun ngantos kamomotan ing pangawulan. Tegesipun,
kita sami ingkang sampun nampi kawilujengan ing pakaryanipun Gusti
Yesus, ampun ngantos dados kawulaning pepeteng lan roh reged malih. Ugi,
kita sami ampun ngantos kamomotan dening Angger-anggering Toret. Awit
Angger-anggering Toret minangka tatanan etika ing gesang padintenan,
mboten dados dhasar kawilujengan. Kawilujenganipun tiyang Kristen ing
asma lan pakaryanipun Sang kristus.
KIta sami saged nyuwanten sora: “Hore…, aku dadi wong mardika ing
Sang Kristus”. Kawontenan ingkang mbingahaken tumrap kita sami. Nanging,
dados tiyang mardika mboten ateges tumindak samardikanipun piyambak,
tanpa wates pranatan.
Mardika ing tata kasukman kepara dados pancadan anggen kita sami
tumindak ing bebener. Gesang sampun nampi kawilujengan, manah padhang
ing dayaning Sang Roh Suci, tuwin tansah nampi panganthinipun Gusti. Mila,
kita sami katimbalan gesang ing bebeneripun Gusti, gesang miturut pranatan
ing pasamuwan, ugi ing madyaning masyarakat. Tansah njagi kualitasing
gesang, inggih kualitas sae, unggul lan peng-pengan dados tiyang Kristen.
Sintena kemawon ngupadi kualitasing gesang ingkang sae, ingkang prayogi
lan unggul, mboten ndhek-ndhekan utawi recehan. Tiyang Kristen dados
tiyang mardika minangka tiyang berkualitas. Mila, mangga kapratelakaken
kualitas ing gesang kanthi nyata saben dintenipun. Amin. |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *