+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 24 Juni 2026 Minggu Limrah

Yeremia 38:1-13; Jabur 6:1-11; Mateus 10:5-23

PITULUNGANIPUN GUSTI TANSAH MAWUJUD
“Wong-wong iku banjur padha nyekel Nabi Yeremia lan dicemplungake
ing sumur kagungane Pangeran Malkia kang ana ing plataran pajagan;
anggone nyemplungake Nabi Yeremia mawa dhadhung. Sumure iku asat,
mung ana endhute, dadine Nabi Yeremia nuli ambles
ana ing endhutan kono”
(Yeremia 38:6)

Saestu mrihatosaken. Nabi Yeremia ingkang meca bab kawontenanipun
Bangsa Yehuda malah dipun cepeng, lajeng dipuncemplungaken ing sumur
asat ingkang kebak lendutipun. Kanthi pangajab ngukum lan ngupadi sedanipun
sang Nabi. Awit pamecanipun mboten jumbuh kaliyan pamanggihipun ara
pangagenging bangsa.
Pamecanipun Nabi Yeremia cetha, sageda umat medal saking kutha
supados luwar saking pageblug dumugining pejah. Awit kutha Yerusalem
badhe dipunrayah lan dipunkuwaosi dening Bangsa Babel, krana dosa-
dosanipun. Nanging para pangagenging bangsa salah tampi. Salajengipun
munjuk dhateng Sang Prabu Zedhekia, sageda sang Nabi dipunukum pejah
kemawon. Mila, lajeng kedadosan kados ing nginggil wau.
Menapa Nabi Yeremia saestu dumugining pejah? Mboten. Gusti Allah
ingkang dipunsuyudi mboten negakaken sang Nabi. Gusti ingkang maringi
pameca lumantar Nabi Yeremia tumindak lan ngagem Ebed-Melekh
ngentasaken Nabi Yeremia saking sumur. Sang Nabi tetep wilujeng, bagas
waras, pinanggih waluya sedayanipun. Wonten mukjizat peparingipun Gusti
Allah ing gesangipun Nabi Yeremia.
Gusti Allah paring pitulungan dhateng sintena kemawon ingkang setya
tuhu dhumateng panjenenganipun. Gusti Allah maringi ayahan, Gusti ugi
maringi berkah kasarasan, tentrem rahayu, saha daya ngrampungi ayahan.
Pitulunganipun Gusti saestu nyata ing gesanging manungsa. Mila para
peladosipun Gusti ampun ajrih kaliyan kahanan ingkang mrihatosaken.
Astanipun Gusti saestu panjang anggenipun ngrengkuh manungsa ing
kawilujengan. Panjenenganiun mboten negakaken tetiyang ingkang setya
tuhu dhumateng panjenenganipun ing karupekan. Kepara ngamping-
ampingi lan mberkahi tiyang ingkang gesangipun leres, supados ajeg gesang
ing bebeneripun Gusti. Pitulunganipun Gusti taksih lan tansah mawujud ing
gesanging manungsa. Amin. |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *