+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 23 Juni 2026 Minggu Limrah

Yeremia 26:1-12; Jabur 6:1-11; Wahyu 2:8-11

DISETYA TUHU NGANTI TUMEKA ING PATI
“Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga!
Lah sanyatane iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira
marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman
ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka
ing pati , temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.”
(Wahyu 2:10)

Lumantar wahyu utawi tetingalan tata kasukman, Gusti Allah nimbali
umat kasetyanipun supados setya tuhu dumugi ing pungkasaning gesangipun.
Sanadyan wonten kasangsaran, ribeding gesang, kasisahan matumpa-tumpa,
nanging setya tuhu dhumateng gusti ampun ngantos mandheg. Ampun mogok
ing satengahing margi. Sageda ajeg setya, terus kemawon setya dumugi ing
pungkasaning gesang utawi seda. Mila, kawastanan seda ing kasetyan, seda
ing astanipun Gusti Allah kanthi tentrem rahayu.
Wonten pepujen mawi basa Indonesia mekaten: Setia, setialah / setia
sampai mati / seperti Tuhan Yesus / setia sampai mati. Apakah jawabanmu
/ untuk kasih setia-Nya / setia, setialah / setia sampai mati. Pepujen ingkang
mratelakaken timbalan sageda warganing pasamuwan setya tuhu dhumateng
Gusti dumugi ing tilar donyanipun. Gusti Yesus sampun paring tuladha bab
kasetyan. Panjenenganipun setya milujengaken manungsa dumugi ing seda-
Nipun. Mila tiyang Kristen nuladha dhateng Gusti Yesus bab kasetyan menika.
Wonten pinten-pinten conto ingkang mratelakaken tiyang Kristen nilar
kapitadosanipun, awit kamomotan karibedaning jagad. Prekawis menika limrah
ing gesanging jagad, nanging mboten limrah ing gesang tata kasukman ing
ngarsanipun Gusti. Tiyang ingkang nilar kapitadosanipun dhateng Gusti Yesus,
ateges pitadosipun mandeg utawi mogok ing satengahing margi. Eman-eman.
Kawilujengan peparingipun Gusti Yesus lebar, mboten wonten malih. Rikala tilar
donya, piyambakipun seda tanpa kawilujengan. Kawotenan ingkang mrihatosaken.
Ganjaran makuthaning ngagesang badhe katampi dening tiyang ingkang
setya tuhu dumugi ing pati. Wonten ganjaran kaswargan peparingipun Gusti.
Kita sami tansah sumringah, sumangga disetya tuhu dumugi ing pungkasaning
gesang kita pribadi. Amin. |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *