+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 31 Mei 2026 Minggu Trinitas

Purwaning Dumadi 1:1-2:4a; Jabur 8; 2 Korintus 13:11-13; Mateus 28:16-20

BERKAHING ALLAH TRITUNGGAL
“Sih-rahmate Gusti Yesus Kristus, lan sihe Gusti Allah
tuwin patuggilane Sang Roh Suci,anaa ing kowe kabeh”
(2 Korinta 13:13)

Dinten Minggu punika sinebat Minggu Trinitas. Tumrap greja, punika
mujudaken pahargyan lan pengetan wujud panggunggung kagem Allah kita,
inggih Allah ingkang makarya ing sauruting sejarah kanthi sebutan Sang
Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci. Kapitadosan Kristen ngakeni, estunipun
Allah kita punika Esa, Satunggal, boten kok cacahipun tiga.
Tumrap para tiyang Kristen estunipun sampun rampung anggenipun
sami rerembagan/diskusi bab Allah Trinitas utawi Tritunggal; bab sinten ta
Panjenenganipun, inggih Allah kita punika! Kita para tiyang pitados anamung
kantun mitadosi kanthi gumolonging manah nampi, ngakeni lan pitados bilih
Allah kita punika tetela wonten ing Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci.
Kangge nggampilaken paham bab Allah Tritintas, Pokok-Pokok Piwulang
GKJ (PPA-GKJ) nerangaken: Allah jumeneng Rama kita, nelakaken bab pangwasa
anggenipun nitahaken jagad saisinipun, kalebet anggenipun miji tiyang
pitados minangka putraniPun. Temtu Allah boten ngersakaken titahipun
tumpes awit dosa kadurakanipun, mila Allah manjalma wujud Manungsa
asma Yesus Kristus sang Juruwilunjenging jagad. Manungsa lan sedaya titah
karancang dening Allah tetep gesang kanthi prayogi ing salamiminipun, mila
Allah makarya lantaran Sang Roh Suci, inggih Rohing Allah ingkang nuntun
manungsa supados saged mangertosi margining kawilujengan. Pakaryanipun
Allah wau kelampahan ing sauruting sejarah saking kalanggengan dumugi
ing kalanggengan.
Makaten kawontenanipun Allah Trinitas: Sang Rama, Sang Putra lan
Sang Roh Suci. Inggih Allah ingkang paring berkah dumateng umat kagunganipun
lan kepareng ngagem umat kagunanipun minangka margining luberipun
sih-rahmat dhateng sadaya titah ing jagad ngriki. Sumangga suka bingah,
awit sih-rahmatipun Allah Trinitas; Sang Rama, Sang Putra, Sang Roh Suci
sampun kaparingaken dhateng kita. Amin. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *