+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 30 Mei 2026 Minggu Pentakosta

Ayub 38: 22-38; Jabur 8; Yokanan 14:15-17

MBANGUN TURUT GUSTI
“Menawa kowe padha tresna marang Aku, padha netepana pepakon-Ku.
Aku bakal nyuwun marang Sang Rama, nuli kowe bakal diparingi
Sang Juru Panglipur liyane, supaya Panjenegane nunggal karo kowe,
iya iku Rohing Kayekten”
(Yokanan14:15-16)

Sampun dados wajibing tiyang pitados yen ing sawetahing gesangipun
sami netepi, mbangun turut dhateng dhawuhipun Gusti Yesus. Namung
kemawon sanyatanipun punapa kita sampun gesang ing pambangunturut
wiwit sakawit ngantos sapriki? Punapa kita konsisten mbangun turut dhateng
Gusti?
Pambangun turut netepi dhawuhipun Gusti punika dados bukti anggenipun
para tiyang pitados nresnani Gusti. Emanipun perkawis punika dereng saged
kita tindakaken kanthi wetah/sampurna awit kathah pepalang lan godhanipun.
Dene wijuding panggoda punika saged panggoda wau saking njawi, saking
tiyang-tiyang utawi kawontenan ing sakupeng kita. Punapa dene saking
jroning manah kita piyambak; raos aras-arasen, kuwatos, ajrih , minder, lan
sapiturutipun.
Anggen kita gumregah kedah tinalesan manah ingkang tinarbuka dhateng
Sang Roh Suci. Roh Suci kuwaos ngiyataken ing karingkihan kita, nyarengi
lan nunggil gesang kita, nuwuhaken tekad kangge nindakaken dhawuhipun
Allah. Rohipun Gusti ugi jumeneng Rohing Kayekten, inggih Roh ingkang
nenuntun lan memulang kita ngambah margi ingkang bleres, lan kita saged
kendel utawi wani ngadhepi resiko pepalang lan godha ingkang kita adhepi.
Mila ingkang wigati boten kok raos pesimissaged boten mbangun turut
Gusti krana nyawang kathahing pepalang, ananging sami pitados dhateng
pangwasanipun Sang Roh Suci ingkang nyagedaken kita mbangun turut
dawuhipun Gusti. Amin. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *