+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 13  Mei 2024  Minggu Paskah VII

Pangentasan 28:29-38; Jabur 115; Filipi 1:3-11

TANSAH KEMUTAN

“ Saben aku kèlingan kowé, aku saos sukur marang Gusti Allah.”

(Filipi 1:3 )

Wonten paribasan “sing sapa lali marang kabecikaning liyan, iku kaya kewan”. Paribasan punika ngemot pangertosan ingkang kirang langkungipun ngatag supados saged ngaosi kabecikan sanadyan sakedhik. Punapa malih adegipun tiyang Jawi punika babagan kabecikan sampun dados kalimrahan. Tansah ngudi damel senengipun tiyang sanes lan sampun ngantos natoni manahipun asanes. Punika saged dipun buktekaken menawi nembe bingah utawi sedhih mesthi malah ngawontenaken sukuran kaliyan sadherek lan tetanggi. Tansah emut dhateng sadherek lan asanes tanpa mbeda-mbedakaken, supados ugi sami ngraosaken bingahipun.

Rasul Paulus tansah emut dhateng kasaenanipun pasamuwan ing kitha Filipi, ing pundi pasamuwan tansah nandukaken katresnanipun srana paring pambiyantu dhateng ayahaning peladosanipun supados tuwuh ngrembaka. Sadaya sami nindakaken kabecikan lan katresnan ingkang ngedab-edabi, kamangka pasamuwan Filipi punika kapetang sanes pasamuwan ingkang sugih bandha, nanging omber manahipun. Omber kangge mbabar katresnan saha kabecikanipun. Awit saking sadaya punapa ingkang sampun pasamuwan Filipi punika paringaken, ingkang ndamel rasul Paulus tansah kemutan lan ndongakaken. Wonten pamanggih “yen sira dibeciki liyan tulisen ing watu, yen sira gawe kabecikan tulisen ing lemah”. Yektosipun punika ngengetaken dhateng kita supados emut dhateng kasaenanipun tiyang sanes lan boten ngemuti kasaenan kita piyambak. Ingkang pinanggih punika tumindak ingkang tanpa pamrih lan duweni raos bales budi. Sumangga sami ngemuti kasaenanipun Gusti lan asanes tumraping gesang kita. Satemah ingkang kita tindakaken punika estu-estu resik tanpa pamrih punapa-punapa. Dados tiyang kristen ingkang saged nyimpen ingkang sae lan mbucal perkawis ingkang boten sae. Kasaenan kita kaserata ing lemah, dene kasaenanipun asanes wonten ing watu. Tansah emut perkawis ingkang sae. |*DAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ