+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 12  Mei 2024, Minggu Paskah VII

Lelakone para rasul 1: 15-17,21-26; Jabur 1; 1Yokanan 5:9-13;
Yokanan 17:6-19

PUGUH ORA RAPUH

“Tiyang-tiyang menika mugi Paduka sengker dados kagungan Paduka piyambak, srana kayektosan Paduka. Pangandika Paduka menika kayektosan.”  (Yokhanan 17:17)

Paribasan “kena iwake aja nganti buthek banyune”, tegesipun ngarah gegayuhan sampun ngantos damel reged kawontenan. Niyat ingkang sae kedahipun ndhatengaken kasaenan. Gesang punika kathah reribed lan karuwetan, kadosta wontenipun sesakit, kabetahan sarta masalah. Satemah saged ndadosaken manah dados buthek. Manah ingkang buthek temtu boten saged ningali satunggaling perkawis kanthi permana lan sae. Ingkang ketingal malah sarwa awon. Ing wekasanipun niyat ngrampungaken masalah malah dados nambahi masalah.

Yokanan 17:6-19 mujudaken satunggaling pérangan saking pandonganipun Gusti Yésus ingkang katujokaken kanggé para murid. Para murid ingkang kautus lelumban ing samadyaning gesang badhe ngadhepi godha lan pacoba, temtu boten kuwawi ngadhepi piyambakan. Napaki wekdal-wekdal ing ngajeng boten gampil, kedah alandhesan kapitadosan saha pangajeng-ajeng ingkang puguh. Sanadyan donya punika isinipun buthek nanging para murid saged nampi sadayanipun punika kanthi manah ingkang tetep resik. Kanthi makaten para murid saged ngudhari ruwet rentenging gesang ing donya punika tanpa damel saya buthek kawontenanipun. Gegayuhan kangge nggelaraken sih rahmatipun Allah dhateng donya saged kalampahan kanthi prayogi. Gesangipun para murid saya katingal minangka seksi ingkang puguh, boten gampil rapuh punapa mealih ngantos rubuh.

Dadosa tiyang Kristen ingkang puguh lan boten gampil rapuh awit godhaning jaman. Tetep puguh niyatipun kangge mbabaraken kasaenan lan katresnan supados tentrem rahayu saged mawujud ing tengahing pagesangan. Menawi kawontenan donya punika dipun tampi kanthi manah ingkang resik mesthi saged ningali lebetipun lan saged nemu iwakipun. Menawi manah sampun buthek boten badhe manggih iwakipun. Puguh atine, mesthi kena iwake. |*DAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ