+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 11  Mei 2024 Minggu Paskah VI

Pangandharing Toret 34 : 1-7; Jabur 47; Yokhanan 16:4-11

AJI MUMPUNG

Nanging saiki kowé wis padha Dakkandhani, supaya yèn wong-wong nindakaké panganiaya marang kowé, kowé padha kèlingan, yèn sadurungé kuwi Aku wis ngandhani kowé.” (Yokhanan 16:4)

Kathah tiyang sami remen aji mumpung, inggih punika ngelmunipun tiyang kangge pados sekecanipun piyambak. Mumpung wonten wewengan kangge nguja seneng lan nepsuning donya. Ngepasi boten gadhah arta, sumerep wonten arta glethak, “mumpung nemu dhuwit” lajeng arta punika dipun pendhet kangge seneng-seneng. Ngepasi luwe ajeng wonten ingkang nawari nedhi gratis, mumpung ana sing mbayari tanpa raos sungkan lan pakewuh anggenipun nedhi boten kira-kira. Aji mumpung! Mumpung wonten wewengan sami supe lan boten saged ngendhaleni dhiri. Aji mumpung punika saged nyered dhateng dosa. Gesang saksekecanipun lan sasenengipun piyambak.

Gusti Yesus ingkang badhe sumengka dhateng swarga langgeng lan samangke aprajanji badhe paring Roh Suci dados Juru Tetulungipun para sakabat kangge ngandharaken bab pamratobat dhateng jagad punika. Pangandika supados para sakabat tansah emut dhateng dhawuhipun Gusti. Mumpung Gusti taksih isareng kalayan para sakabat, dipun emutaken malih lan sampun ngantos supe, awit Gusti mboten dangu malih badhe nilar para sakabatipun. Lumantar pepemut punika para sakabat saged ngendhaleni gesangipun lan mboten migunakaken wewengan ingkang sampun Gusti paringaken kanthi saksekecanipun piyambak sarta dipun sepelekaken.

Kita dipunengetaken tetep ngandharaken pawartos pamrobat dhateng jagad punika. Sampun ngantos ingkang kedahipun tiyang Kristen punika tetep sae nanging margi saking ngelmu aji mumpung boten ketingal saenipun. Dadosna gesang punika minangka wewengan kangge nindakaken kasaenan lan katresnan, sanes aji mumpung kangge seneng-seneng lan boten emut dhateng pangandikanipun Gusti. Mumpung taksih wonten wekdal kangge. Gesang kita punika samangke mboten mburu seneng lan nguja nepsu, nanging gesang kagem Gusti lan dados berkah kangge asanes. |*DAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ