+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 28 APRIL 2024 Minggu Paskah V

 Lelakone Para Rasul 8:26-40; Jabur 22:26-32; 1 Yohanes 4:7-21;
Yokanan 15:1-8

MANUNGGALING KAWULA GUSTI

“Kowe tetepa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowe.”

(Yokanan 15:4a)

Tembung “Manunggaling Kawula Gusti” asring kita pireng ing satengahing kabudayan Jawi, ingkang dipun ginakaken ing sawetawis peranganing gesangipun tiyang Jawi, sae punika kabudayan, kapitadosan punapa dene pawiyatan. Tembung punika ngemu teges nunggilipun manungsa (titah) kaliyan Gusti (ingkang nitahaken).

Wonten ing Yokanan 15:1-8, manunggaling manungsa kaliyan Gusti Yesus kagambaraken kados dene wit anggur ingkang sejatos. Kados ingkang kaserat ing ayat 5, ” Aku iki wite anggur lan kowe pang-pange. Sing sapa tetep dumunung ana ing Aku, lan Aku ono ing dheweke, iku kang metu wohe akeh, awit manawa tanpa Aku, kowe padha ora bisa tumindak apa-apa.“ Punika negesaken bilih gesangipun tiyang Kristen, kedah tansah nyawiji/nunggil kaliyan Gusti temahan saged ngedalaken uwoh. Awit menawi mboten saged ngedalaken woh mila badhe dipun pagas lan dipun bucal kacemplungaken ing latu, sarta diobong. Kosokwangsulipun pang ingkang ngedalaken uwoh badhe dipun resiki dipun rukti temah sansaya kathah wohipun.

Murih saged ngedalaken woh mila kedah tansah rumaket sumarah sawetahipun nunggil kaliyan Gusti. Kanthi mekaten wohipun saget migunani tumrap sesami . Tegesipun gesang kita minangka pang ingkang nyawiji kaliyan witipun badhe dados margining berkah saking Gusti lumantar pagesasangan kita  ingkang ngedalaken woh ingkang saged karaosaken dening tiyang kathah. Kanthi woh ingkang kathah yektosipun kita atur paseksi bilih kita punika dados siswanipun Gusti Yesus. Temah sansaya kathah tiyang ingkang tepang lan ngraosaken sih katresnanipun Gusti lan sansaya kathah ugi tiyang-tiyang ingkang ngluhuraken asmanipun Gusti. Amin. |*SGH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ