+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 29 APRIL 2024 Minggu Paskah V

 Yesaya 5:1-7; Jabur 80; Galati 5:16-26

SANES TINDAK AMBEK SIYA ANANGING KAADILAN

SANES KAONARAN ANANGING KABENERAN

“… kang diajeng-ajeng kaadilan, nanging kang ana mung tindak ambek siya, kang diantos-antos kabeneran nanging kang ana mung kaonaran” (Yesaya 5:7)

Waosan wanci punika arupi kekidungan ingkang kaserat dening Nabi Yesaya ingkang nyariyosaken bab kebon anggur. Temtunipun ingkang kagungan kebon anggur ngajengaken murih saget panen anggur ingkang sae, pramila dipun rimat kanthi tumemen, dipun dangir, dipun resiki saha dipun damelaken gubug kangge njagi kebon anggur punika. Ing tanah jawi limrahipun gubug punika kangge ngaso nalika ngresiki/matun, saged ugi kangge jagi wanci dalu nalika pikantuk giliran ngelebi sabin murih toyanipun mili dheteng sabinipun mboten dipun ilekaken ing sabinipun tiyang sanes, saged ugi kangge jagi nalika parinipun sampun njebul murih mboten dipun telasaken dening peksi. Mekaten ugi sampun dipun cawisaken papan mirunggan kangge nglempakaken asilipun nalika panen mangke, menawi ing cariyos kebon anggur punika kadamelaken jogangan kangge papan pameresan anggur. Lajeng kadospundi nalika panen wohipun anggur punika kecut, punapa mboten kuciwa lan duka ingkang kagungan kebon anggur punika?.

Kekidunganipun Nabi Yesaya punika yektosipun ngengetaken kita sedaya minangka kebon anggur kagunganipun Gusti, Gusti sampun paring kacekapan sandang, pangan, panggenan, kabetahaning gesang dipun cekapi, kabetahaning kajasmanen lan karohanen ugi sampun kacawisaken, malah kepara Gusti ugi sampun nyawisaken panggenan ingkang mirunggan ingkang adil, langgeng, sampurna kebaking kaadilan lan tentrem rahayu.

Samangke sumangga kita sami mawas dhiri kita piyambak-piyambak, punapa kita taksih remen damel kuciwa lan dukanipun Gusti?

Sampun cetho ingkang dipun kersaaken Gusti sanes anggur ingkang kecut, nanging anggur sae ingkang manis. Sanes tumindak ambek siya ananging kaadilan. Sanes kaonaran ananging kabeneran. Amin. |*SGH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ