+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 27 APRIL 2024 Minggu Paskah IV

 Amos 9:7-15; Jabur 22:26-32; Markus 4:30-32

NGRAWUHAKE KRATONING ALLAH

“….Pancen wiji iki, padha-padha wiji kang ana ing bumi,

cilik dhewe.”(Markus 4: 31)

Lumantar pasemon bab wiji sawi Gusti Yesus mucalaken babagan Kratoning Allah. Sawi punika kalebet wit-witan herbal ingkang tuwuh ing tlatah Palestina, mirunggan ing sakpinggiripun seganten Galilea. Wiji Sawi kalebet ingkang paling alit piyambak ing antawisipun wewijen ingkang wonten ing Galilea. Nanging sanadyan namung alit saksampunipun dipun tanem, wiji punika tuwuh dados ageng lan ngrembaka, ngantos dados panggenan kangge ngeyub peksi-peksi lan peksi-peksi punika saestu ngraosaken ayem, temah sami krasan ngayom wonten mriku.

Lantaran pasemon punika Gusti Yesus nedahaken bilih rawuhipun Kratoning Allah ing satengahing pagesangan ing donya punika kawiwitan saking prekawis ingkang alit lan prasaja ingkang sinartanan tumindak. Wiji ingkang alit-alit punika kedah dipun tanem supados saged tuwuh lan ngrembaka temahan saget migunani tumrap sakiwa-tengenipun. Tegesipun Gusti Yesus ngersakaken murih kita purun tumindak sanadyan to punika namung kawiwitan saking prekawis ingkang alit lan prasaja mila salajengipun Gusti piyambak ingkang badhe berkahi temah dados ngrembaka lan ngedalaken woh ingkang migunani tumrap sesami.

Kita sampun ngantos nyepelekaken prekawis ingkang alit, saha sampun ngantos lingsem kangge nindakaken bab ingkang alit. Amargi sedaya  mbetahahen proses ingkang kawiwitan saking perkawis ingkang alit lajeng sansaya dangu dados ngrembaka wonten pangreksanipun Gusti. Samangke punapa kita sampun miwiti tumindak nyata ingkang kawiwitan saking prekawis alit lan prasaja tumrap sedherek-sedherek, tetanggi ing sakiwa-tengen kita, temahan sedaya sami ngraosaken rawuhipun Kratoning Allah inggih punika tentrem rahayu. Amin. |*SGH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ