+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 26 APRIL 2024 Minggu Paskah IV

 Amos 8:11-13; Jabur 22:26-32; Lelakone Para Rasul 8:9-25

KASEKTEN KANG YEKTI

Simon dhewe iya manjing pracaya lan sawise dibaptis, tansah ngraketi marang Sang Pilipus sarta sumlengeren nyumurupi pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat linuwih kang tumindak” (Lelakone Pr. Rasul 8: 13)

Sakderengipun Filipus rawuh ing Samaria, satunggaling tukang sihir ingkang naminipun Simon sampun asring mameraken kasekten sarta ngaken pinangka tiyang ingkang pinunjul. Tiyang Samaria sami kelu lan kapusan dening kasekten punika lan dipun gathukaken kaliyan panguwaosipun Allah ingkang ageng. Awit tiyang-tiyang Samaria punika pinangkanipun saking keturunan campuran antawising sisanipun bangsa Israel kaliyan bangsa manca ingkang kadunungaken ing Samaria dening bangsa Asyur nalika nelukaken Samaria. Murih mboten tuwuh padudon, Rasul Petrus lan Yohanes kautus dateng Samaria.

Sanadyan kathah tiyang ingkang sampun kabaptis, nanging dereng sami katedhakan Roh Suci. Kadosdene Simon ingkang sampun pitados dhumateng Gusti lumantar peladosanipun Filipus, nanging piyambakipun taksih nggadhahi pamawas ingkang klentu, saksampunipun sumerep anggenipun pinaringan Roh Suci amargi katumpangan astanipun para rasul, Simon lajeng ngaturi arta dhateng para rasul, supados kaparingan kasekten. Simon nganggep bilih kasekten saged dipun tumbas saking para Rasul. Piyambakipun mboten mangertos menawi kasekten ingkang yekti punika pakaryanipun Roh Suci lumantar tiyang-tiyang ingkang dipun kersaaken dening Allah, kadosdene rasul Petrus lan Yohanes.

Saking lelampahan punika negesaken bilih kasekten ingkang yekti punika saged kelampahan namung amargi panguwaosing Allah lantaran Roh Suci, punika mujudaken kanugrahanipun Allah. Murih mboten nggadahi pangertosan ingkang klentu tiyang ingkang sampun kabaptis kedah nglampahi pamratobat ingkang sawetahipun tegesipun kedah saget nilaraken gesang lami ingkang mboten nyondhongi karsanipun Allah lan ngrasuk gesang anyar wonten pangrehipun Gusti. Kanthi mekaten saestu kita saged ngraosaken kasekten yekti pakaryanipun Roh Suci. Amin. |*SGH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ