+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 25 April 2024 Minggu Paskah IV

 Amos 8:1-7; Jabur 22:26-32; Lelakone Para Rasul 8:1b-8

OJO NDELAH!

“Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg, wong ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane; atimu cikben

urip ing salawase” (Jabur 22:27)

Nalika nembe nandhang kaprihatosan amargi mawarni-warni prekawis, kadosdene nalika nembe nandhang sakit ingkang dangu mboten mantun kamangka sampun mbudidaya kanthi maneka warni cara, anggenipun dedonga nggih mboten kirang-kirang, nanging punapa ingkang dipun ajeng-ajeng dereng ugi kasembadan. Wonten ing kawontenan ingkang kados mekaten gesang karaos semplah, cupet nalaripun malah keladukipun saged kecalan kapitadosan dumateng Allah. Awit rumaos mboten dipun gatosaken lan katilar dening Allah.

Ing waosan kita dinten punika Juru Mazmur negesaken bilih sayektosipun Allah mboten badhe negakaken gesangipun tiyang-tiyang ingkang sami kumandel dhumateng Panjenenganipun. Pramila tan kendhat Juru Mazmur anggenipun dedonga nyenyuwun dhumateng Gusti lan pitados bilih Gusti punika mboten mastani asor lan jijik kanisthaning tiyang kang katindhes, mboten ngaling-alingi wedananipun lan tansah miyarsakaken saben tiyang ingkang asesambat dhumateng Panjenengane. Pramila sampun ngantos semplah lan ndelah anggen kita ngantu-antu rumentahing sih-palimirmanipun Gusti. Wondene ingkang kedah kita tindakaken salebeting pangantu-antu inggih punika :

  • Kedah nggadhahi manah ingkang andhap asor, awit tiyang ingkang andhap asor badhe kaparingan tetedhan ngantos tuwuk.
  • Tansah ngupadi lan ngener dhumateng Allah srana tansah atur pamuji dhumateng Allah lan atur paseksi bab kaadilan, agenging kuwaos lan kamulyaning asman-Ipun.

Pramila menawi kita nembe mrangguli prekawis ingkang awrat ingkang ndadosaken karupekaning gesang sampun ngantos semplah lan ndelah, nanging “…para sedulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, tanpa gingsir, lan tansah disregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi ora muspra” (1Kor 15:58) Amin. |*SGH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ