+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 15 April 2024 Minggu Paskah III (Pethak)

Yeremia 30:1-11a; Jabur 150; I Yokanan 3:10-16

LINUWAR SAKING KARIBEDAN

“Adhuh, iba ta anggone nggegirisi dina iku, ora ana tandhinge;

iku dina karubedan tumrap Yakub, nanging bakal linuwaran.”

 (Yeremia 30: 7)

Nabi Yeremia nampi prasetyanipun Gusti Allah bilih Panjenenganipun badhe mulihaken kawontenanipun umat Israel ing tlatah Babel. Panjenenganipun  badhe mangsulaken pra umat wau dhateng tlatah Kanaan, tlatah sucining bangsa Israel. Gusti Allah mirsani bilih kawontenanipun umat wau estu kesrakat lan sangsara. Kathah tiyang jaler ingkang nandhang sakit padharanipun kadosdene sesakiting tiyang estri ingkang badhe nglairaken bayinipun.

Kawontenaning umat pancen mrihatosaken. Dinten-dinten ingkang kelampahan pancen awrat, ngggirisi, kados boten wonten pengajeng-ajeng malih. Punika pancen dados karibedan saha panandhanging umat ing tlatah pambuwangan. Ananging Gusti Allah boten negakkaken lan nilar umat. Panjenenganipun badhe ngluwari saking sedaya kawontenan wau saha mitulungi para umat. Kadosdene Gusti ngluwari umat saking panindhesing bangsa Mesir kala semanten, mekaten ugi Panjenenganipun ugi badhe ngluwari umat saking pambuwangan ing Babel!

Mbok menawi kita sami saweg nandhang karibedan saha dinten-dinten ingkang nggegirisi, kebak ing kasisahan. Kita sami ngraosaken kangelan, saha kecalan pengajeng-ajeng. Punapa punika bab sesambetan ing brayat, bab ekonomi, bab sekolah para lare, bab sesakit, bab kecalan tiyang ingkang kita tresnani lan bab-bab sanesipun. Lumantar pangandikanipun Gusti samangke, mugi kita kaparingan kekiyatan satemah saged ikhlas nglampahi dinten-dinten salajengipun saha pitados bilih Gusti badhe ngluwari saking sedaya prekawising gesang.

Dinten-dinten ingkang nggegirisi badhe kagantos dening dinten-dinten ingkang nengsemaken lan ngeramaken. I *OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ