Lelakone Para Rasul 3:12-19; Jabur 4; 1 Yokanan 3:1-7; Lukas 24:36b-48
MARTOSAKEN PAMRATOBATING GESANG
“Awit saking punika sami kula aturi enget saha sami mratobata,
supados dosa panjenengan kaapunten…”
(Lelakone Para Rasul 3: 19)
Nalika Pentakosta, Sang Roh Suci maringi kesagedan satemah para Rasul wantun martosaken pamratobat dhateng tiyang kathah ingkang rumiyin ndherek moyoki Sang Kristus supados kasalibaken. Rasul Petrus ndhodhog manahipun pra tiyang wau supados mratobat satemah kaparingan pangapunten saking Gusti. Rasul Petrus nindakaken timbalan suci inggih punika martosaken pamratobat dhateng tiyang katah supados sami kawilujengaken.
Patuladhanipun rasul Petrus wau mesthinipun mbereg manah ktia sami supados wantun martosaken pamratobating gesang. Kita sami ugi katuntun dening Sang Roh Suci ing manah kita. Emanipun, kathah tiyang pitados ingkang boten wantun nindalaken timbalan punika awit maneka warni pawadan. Wonten ingkang boten wantun awit tiyang ingkang badhe dipun sowani punika kanca kenthel. Piyambakipun lajeng kuwatos menawi sesambetanipun kaliyan kancanipun wau mangke dados risak. Wonten ingkang boten wantun awit kuwatos piyambakipun dipun tampik. Wonten ingkang nggadhahi pemanggih bilih ayahan wau kedahipun dipun tindakaken dening para pradhataning pasamuwan kemawon. Lan taksih kathah pawadan sanesipun.
Gesangipun tiyang pitados punika kedahipun tumuju dhateng timbalanipun Gusti lan nindakaken kanthi sayektos. Punapa kemawon risikonipun, kita tatag ngestokaken dhawuhipun Gusti: mbabar kabar kabingahan saha pamratobating gesang. Kadosdene Gusti Yesus nate muwun awit saking durakaning Yerusalem, mekaten ugi kedahipun manah kita rumaos trenyuh lan kebak ing welas asih nalika nyumerepi kawontenaning sesami kita ingkang mbetahaken pitulungan sacara karohanen.I *OHPN