+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 13 April 2024 Minggu Paskah II (Pethak)

Lelakone Para Rasul 3:1-10; Jabur 4; Lukas 22:24-30

PITULUNGAN INGKANG TREP

“Nanging Rasul Petrus nuli ngandika: “Emas lan salaka

aku ora duwe, nanging kang aku duwe, kowe dakwenehi:

Atas asmane Gusti Yesus Kristus saka ing Nazaret, lumakua!”

(Lelakone Para Rasul 3: 6)

Punapa ingkang wigatos saking cariyos ing nginggil? Pancen elok nalika tiyang ingkang lumpuh saged lumampah malih awit pakaryanipun Gusti Yesus lumantar rasul Petrus. Ananging ingkang prayogi kita sinau inggih punika rasul Petrus maringi punapa ingkang paling dipun betahaken dening tiyang wau. Boten namung peparing awujud raja brana kados dene ingkang asring dipun paringaken dening tiyang-tiyang ingkang sami nglangkungi gapuraning Pedaleman Suci. Punika mucal dumateng kita sami supados pener lan trep anggen kita paring pitulung dhateng tiyang sanes.

Saupaminipun nalika kita badhe nulungi satunggaling brayat ingkang griyanipun karendhem toya amargi kenging bena lan kapeksa sami minggah ing gendheng. Ingkang dipun betahaken sanes yatra, beras utawi mie instan awit pirantosing olah-olah sami risak awit saking bena. Pramila ingkang paling dipun betahaken inggih punika sekul saklawuhipun ingkang dipun bungkus utawi tetedhan sanesipun. Mekaten ugi, brayat wau sami mbetahaken kemul saha obat nyamuk supados saged ngaso sinambi nenggo suruting toya. Malah menawi wonten, ingkang dipun betahaken punika prau kangge ngungsi dateng panggenan sanes ingkang langkung prayogi.

Sumangga kita sami nitipriksa gesang kita kanthi premati. Punapa sampun pener anggen kita paring pitulung? Utawi malah asring boten trep? Sumangga kita sami sinau supados saged paring pitulungan, jumbuh kaliyan punapa ingkang dados kabetahanipun sesami, sanes namung  pepinginanipun kemawon. Roh Suci mugi mitulungi kita sami. I *OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ