+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 12 April 2024 Minggu Paskah II (Pethak)

Daniel 10:2-19; Jabur 4; I Yokanan 2:26-28

PISUNGSUNG SEJATI

“Padha nyaosna kurban kang bener,

 sarta kumandela marang Sang Yehuwah”

(Jabur 4: 6)

Ing waosan kita samangke, kasebat bab ‘kurban’ lan ‘kumandel.’ Babagan kurban utawi pisungsung kurban punika pancen prekawis ingkang wigatos ing satengahing pangibadah umat. Saos kurban punika wujuding pangabekti ing ngarsanipun Gusti, wujuding katresnan dhumateng Gusti.

Ananging juru Mazmur ngemutaken supados pra umat ugi nindakekaken gesang ingkang mursid lan saleh ing gesang sapadintenan. Gesang ingkang boten moyoki sesami nanging nresnani sesami. Punika minangka wujuding kurban ingkang sejatos, inggih punika misungsungaken gesang suci wonten ngarsanipun Gusti. Pangatagipun juru Mazmur punika mucal dhateng kita sami bilih atur  pisungsung kita ing pangibadah kedah kinanthenan pisungsunging gesang kita ingkang suci. Boten namung ing tata lair nanging ugi ing tata batos. Boten namung ing satengahing pangibadah ananging ugi sauruting gesang kita sapadintenan.

Juru Masmur ugi ngemutaken pra umat supados kumandel dhumateng Gusti ing salebeting karupekaning gesang. “Kumandela marang Sang Yehuwah!” Anggen kita ngibadah dalah atur pisungsung kedah kalandhesan kumandel dhumateng Gusti. Bilih Gusti minangka tuking berkah saha pitulunganing gesang. Bilih Gusti ingkang badhe nyekapi sedaya kabetahaning gesang kita. Bilih Gusti ingkang badhe ngluwari kita saking sedaya karibedan. Kanthi mekaten, pangibadah kita mijil saking raosing kapitadosan ingkang sayektos, sanes saking manah ingkang mangu-mangu, miyar-miyur lan kelap-kelip!

Pisungsung jati punika mijil saking manah ingkang tulus, manah ingkang kandel ing kumandel, sarta gesang ingkang suci lumantar pangucap, asikep saha tumindak ingkang prayogi, jumbuh kaliyan kersanipun Gusti. I *OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ