+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 11 April 2024 Minggu Paskah II (Pethak)

Daniel 9:1-19; Jabur 4; I Yokanan 2:18-25

NGOLAH RAOSING BATOS

“Nepsua nanging aja nganti gawe dosa, mosika sajroning atimu

ana ing paturon, nanging tetepa meneng” (Jabur 4: 5)

Nalika ningali kawontenan ingkang boten ngremenaken, ing manahipun manungsa saged tuwuh maneka warni raos. Punapa punika raos sedhih, raos kuwatos, raos kuciwa, mekaten ugi raos nepsu. Punika prekawis ingkang limrah, ingkang dipun adhepi sedaya tiyang. Juru Mazmur mangertosi bilih raos nepsu punika tuwuh nalika wonten prekawis ingkang boten laras kaliyan ingkang dipun kajengaken. Limrah ugi menawi mijil sewu setunggal pangucap ingkang mratelakaken nepsuning manah kita dhateng tiyang sanes utawi tumrap kahanan ingkang kita adhepi.

Ananging juru Mazmur ngemutaken umat Israel supados sampun ngantos dhawah ing tumindak dosa. Saged ugi ngucapaken tembung-tembuing ingkang nggambaraken raosing kuciwa ananging wonten ing patileman kemawon. Sampun ngantos tumindak klentu ananging prayoginipun tetep mendel kemawon, boten nandukaken piwales dhateng tiyang ingkang sampun damel kuciwa manah kita. Sedaya punika negesaken bilih kita sami kadhawuhan supados saged ngendhaleni diri lan lathi kita. Punika wujuding kadiwasanipun diri minangka abdinipun Gusti.

Kita sami kadhawuhan supados boten males tumindakipun tiyang sanes. Kita pasrahaken dhumateng Gusti supados Gusti piyambak ingkang makarya mitulungi kita satemah kasagedna ndandosi sedaya prekawis wau. Gusti piyambak ingkang ngrengkuh kita supados kasagedna alon-alon ngapunten dhateng tiyang ingkang sampun natoni manah kita. Sumangga kita sami tansah nyadhong sih kadarmanipun Gusti satemah nggadahi roh, pikiran saha manah ingkang wicaksana, ingkang diwasa. Tentrem rahayu saking kaswargan badhe sumrambah, nglangkungi sedaya  mosiking manah saha pikiran kira sami. Amin. I *OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ