Hosea 5:15-6:6; Jabur 150; II Yohanes 1:1-6
KANGEN
“Ingsun bakal kondur menyang ing padalemaningSun, nganti
wong-wong iku padha ngaku luput lan ngupaya wadananingSun.
Ing sajroning karupekane padha kangen marang Ingsun”
(Hosea 5:15)
Punapa ingkang karaosaken rikala kita pinuju kangen? Kangen kaliyan tiyang sepuh mbok menawi tebih karana padamelan lan jodho, mekaten ugi tiyang sepuh rumaos kangen dhateng para putranipun. Ing salebeting kangen, sumelip raos ajrih, sumelang, lan pengin pinanggih sanajan namung sekedhap. Mbok menawi ing jaman sakpunika radi gampil karana sampun wonten sarana kangge ngobati raos kangen punika. Media Sosial ingkang nyagedaken kita sesambetan kaliyan sanak sederek lan kanca ing pundi kemawon. Handphone ingkang sakwanci-wanci saged Video Call menawi pinuju ngraosaken kangen sanget karana dangu mboten pinanggih kaliyan ingkang dipuntresnani. Dados dhasaring raos kangen punika raos tresna, tresna dumateng brayat, dumateng kanca kentel punapa dene dumateng pacangan.
Ing Kitab Hosea punika nggambaraken umat ingkang nyingkur utawi gesangipun tebih saking Gusti Allah. Kagambaraken ugi Padeleman Suci ingkang sepi nyenyet karana mboten wonten umat ingkang sami ngibadah. Ngibadah punika tegesipun ndherek ing kersanipun Gusti Allah. Sinaosa umat nebih saking Gusti Allah, kenging punapa Gusti kepara malah ngrantos umatipun sami wangsul malih? Sedaya punika await Allah punika Allah Sih, ateges wetah sedaya ingkang katindakaken punika namung karana sih, lumados ing sih, lan kagem sih.
Pramila, sumangga gesang kita ing pasamuwan, ing bebrayan ageng, punapadene ing panyambut damel kita, tansaha kadasaran ing sihipun Gusti. satemah kita tansah nggadahi raos kangen kangge ngibadah dumateng Panjenenganipun. |*AS