+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 13 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah IV

Yesaya 60:15-22; Jabur 107:1-16; Yokanan 8:12-20

SESAMBAT MARANG SANG YEHUWAH

“Sajroning karubedane mau nuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing sangsarane, ditedahi dalan kang bener, temah banjur tekan ing kutha kang dienggoni ing wong”

(Jabur 107:6-7)

Nalika kita kecalan keblat ing lampah, tamtu sami mbetahaken pitedah. Kita pados plang utawi plakat ingkang nedahaken arah utawi pados tiyang ingkang saged dipun suwuni pirsa arah papan ingkang katuju punika. Yen jaman samangke saged ginakaken aplikasi Google Map.

Kadosdene lampahing gesang punika, yen pinuju mrangguli pepalang, rubeda lan karubedaning gesang. Juru Masmur mratelakaken kanthi sanepan kadosdene tiyang ingkang nglambrang ing ara-ara samun ingkang kasatan toya, kaluwen sarta nyawanipun sulayah kecalan pangajeng-ajeng. Juru Masmur paring pengenget sarta pitedah supados sami sesambat dhateng Gusti Allah. Gusti Allah badhe paring pitedah ing gesang. Pitedahipun saestu ndhatengaken berkah, nuntun lampah anjog dhateng katentreman lan ayeming gesang. Ing  Jabur 107: 9kapratelakakenawitdene Pangeran karsa maregi nyawane wong kang kasatan, sarta nyawa kang kaluwen kawaregan ing kabecikan.”

Sampun ngantos nebih saking Gusti ing sadaya kawontenan, tansaha kumadel dhateng Panjenenganipun. Pambirating dosa sampun kalampahan ing gesang punika. Pangluwaran sampun katindakaken. Sumangga tansah haniti priksa dhiri lan lampahing gesang, sumangga tansah ngestokaken sabdanipun Gusti ingkang saestu hangayemaken, nentremaken manah lan gesang.

Sampun ngantos momotan ing gesang ndadosaken pamawas ingkang boten prayogi. Punapa malih ngantos ndhatengaken bebenduning Allah tumrap dhiri kita. Awit saking punika sumangga sesambat dhateng Gusti sarta mitadosaken gesang dhateng pangrehipun Gusti. Pitedahipun Gusti saestu migunani kangge gesang punika. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ