Wilangan 20:1-13; Jabur 107:1-16; I Korinta 10:6-13
PITADOS DHATENG ALLAH
“Ing kono Nabi Musa lan Imam Harun padha nilar umat mau sarta tindak menyang ing lawangane Tarub Pasewakan, padha sumungkem sujud. Tumuli diketingali ing kamulyane Pangeran Yehuwah”
(Wilangan 20:6)
Ati bisa semplah, yen apa sing dilakoni utawa ditindakake kanggo wong liya ora kaanggep, babar pisan ora digagas, malah dianggep ora bener. Pambudidaya sing dilakoni wis miturut tatanan lan paugeran kok ya isih wae ora ditampa.
Mangkono mau sing dialami nabi Musa lan imam Harun. Wis kelangan sedulure, malah isih diwewada dening bangsa Israel. Nabi Musa kaanggep njlomprongke, marai sangsara, tumuju ing bilahi lan pati. Bangsa Israel nganggep yen kang katindhakake kuwi mung nggugu karepe dhewe. Bangsa Israel ora pracaya maneh yen Gusti Allah pribadi kang dhawuh marang nabi Musa kanggo ngirid lakune. Pangrasa lan pamawas sing kaya mangkono kuwi kang bisa ndadekake semplahing ati.
Nabi Musa lan imam Harun sowan ing ngarsane Gusti Allah. Gusti Allah ngandika marang nabi Musa lan imam Harun supaya nindakake apa kang kadhawuhake ing sangarepe bangsa iku. Nabi Musa lan imam Harun tumuli mengker saka ing ngarsaning Gusti Allah kangge nindakake dhawuhipun. Nanging apa kang katindakake dening nabi Musa kuwi ora jumbuh karo dhawuhe Gusti. Kanthi ati kang keduwung lan nepsu nabi Musa melehake bangsa Israel lan banjur nggebuk parang nganggo tekene.
Apa kang ditindakake nabi Musa kuwi cengkah karo karsaning Gusti Allah. Kanthi tumindak kang kaya mangkono iku Gusti Allah duka awit nabi Musa ora ngestokake dhawuhe. Dadine nabi Musa lan imam Harun kaanggep luput ing ngarsane Gusti, awit tumindake kuwi padha kaya bangsa Israel kang ora pracaya marang Allah. Kabeh pada mung nggugu karepe dhewe lan panasing ati. Awit saka kuwi padha kumadela marang pakaryaning Gusti, lan mituhua ing sadhawuhe, aja nganti nalingsir saka dhawuh sarta pitedahe. Apa maneh mung manut harganing kanepson lan panasing ati. Amin. |*AK