+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 8 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah III

Daniel 12:5-13; Jabur 107:1-3, 17-22; Efesus 1:7-14

KALUBERAN ING KASETYANING ALLAH

“Sabab iya ana ing Panjenengane marga saka rahe, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmate, 

kang wus diluberake marang kita kalawan sagunging

kawicaksanan lan pangreten”  

(Efesus1:7-8)

Ngupadi pangreten, punapa malih kawasisan lan kawicaksanan punika kados dene anggen kita pados bandha kang aji. Sadaya katindakaken murih kita punika saged pikanthuk kang aji punika. Kadang kala kawontenan ingkang kebak kawasisan sarta kawicaksanan ndadosaken kecalan raos sokur. Rumangsanipun punika saking pambudidayaning dhirinipun piyambak. Ananging sejatosipun sadaya punika saking lubering berkah lan pakaryaning Allah.

Rasul Paul mratelakaken bilih awit sih palimirma lan lubering kawicaksanan punika tinampi saking pakaryanipun Sang Kristus. Pangretosan lan kawicaksanan punika boten namung bab gesang ing jagad, ananging ugi gesang ingkang anjog ing kasaenan tumuju tentrem rahayu ingkang sampurna. Inggih panduman kang cinawisaken dening Gusti kangge nedahaken sih palimirmanipun dhateng para kagunganipun. Gusti nuntun lan nunggil kanthi Roh Suci ing salebeting manah lan gesang. Roh ingkang nuntun sarta ngedaleni gesanging para kekasihipun.

Kawasisan sarta kawicaksanan peparingipun Gusti mboten ndhatengaken gumunggunging diri ananging ndhatengaken raos sokur, ingkang tansah ngluntakaken pamuji lan panuwun ing gesang punika. Sarana anggenipun tansah hanampi berkah, makatena ugi minangka sarana ngluhuraken Gusti. Inggih gesang namung kagem kaluhuranipun Gusti. Tumindaking gesang tansah ngudi kasaenan ingkang jumbuh kaliyan kayekten ingkang sampun piniji pinasti minangka pandoming lampah. Gesang nebihi sikep gumungung awit mangertosi bilih sadaya punika mijil saking berkah kasetyan ingkang sampun lan tansah kaparingaken dening Gusti. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ