Wilangan 20:22-29; Jabur 107:1-3, 17-22; Yokanan 3:1-13
TANSAH SAOSA SOKUR
“Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah, awitdene
Panjenengane iku sae! Ujer sih-susetyane iku langgeng ing salawase”
(Jabur 107:1)
Jamak limrahipun yen tiyang ingkang nampi peparing punika ngaturaken panuwun. Atur panuwun ingkang kaaturaken punika badhe jumbuh kaliyan punapa ingkang dipun raosaken ing gesangipun. Contonipun bab utang budi. Utang budi kadang kala mboten saged dipun lintoni kanthi punapa kemawon, malah badhe tansah karaosaken lan kasimpen ing salamining gesang.
Juru Masmur ngatag umat supados sami ngaturaken pamuji sokur dhateng Sang Yehuwah awit saking sadaya kasaenanipun, malah katandesaken ujer sih-susetyanipun langgeng ing salaminipun. Inggih kasaenan bab pangentasan saking Gusti, inggih tetebusan ingkang kaparingaken. Tinebus saking ingkang damel sisahing gesang. Punika ugi nedahaken bilih sasampunipun katebus, gesangipun tansah manggihaken kasaenan lan karaharjan. Jumbuh kaliyan pakaryan ingkang mekaten punika, prayogi umat tansah ngaturaken panuwun. Awit punika inggih bab gesangipun ingkang boten kawengku malih dening sadaya ingkang awon ingkang ndhatengaken kasisahan ing gesangipun.
Makatena estu gesang kita samangke ingkang sampun binirat saking pamengkuning dosa lan pati. Pinaringan kakiyataning gesang ingkang merbawani anggen kita lumampah napaki jagad sawetahipun. Babaring berkah dalem Gusti punika mboten saged dipun lintoni kanthi punapa kemawon anjawi namung nelakaken pamatur nuwun konjuk Gusti. Tumindaking gesang inggih punika dados kaluhuran lan minangka pirantosipun Gusti Allah anggenipun nindakaken pakaryanipun ing jagad punika. Iba endahipun yen kita saged dados pirantosing babaring berkahipun Gusti dhateng sesami. Gesang ingkang kebak ing tentrem rahayu, sadaya sami sumuyud wonten ngarsanipun Gusti. Inggih sadaya mratelakaken anggenipun sampun binirat saking dosa. Amin. |*AK