+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 7 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah III

Purwaning Dumadi 9:8-17; Jabur 107:1-3, 17-22; Efesus 1:3-6

BINERKAHAN DENING GUSTI

“Pinujia Gusti Allah lan Ramane Gusti kita Yesus Kristus,

kang wus mberkahi kita ana ing Sang Kristus kalawan sarupane

berkah kasukman kang ana ing swarga“

(Efesus1:3)

Gegayuhaning manah inggih punika gesang kang ayem, boten was sumelang, boten kuwatos bab sandang lan pangan, bab lara lan pati, bab punapa kemawon ingkang awon tan badhe tinempuh. Awit estu Gusti rumeksa gesang. Kacekapan ing berkah gesang ing jagad mekaten sampun minangka satunggaling bab ingkang ageng lan wigati. Punapa malih kaimbuhan berkah tata kasukman saking Gusti.

Berkahing tata kasukman punika inggih bab anggen kita sampun kapiji dening Gusti. Kita dipun timbali tansah njagi kasucening gesang lan estu tanpa cacat wonten ngarsa Dalem Gusti Allah. Sadaya punika inggih kagem kamulyan lan kaluhuranipun Allah sarta minangka babaring pakaryanipun ingkang endah, ingkang nyarengi gesang kita. Inggih gesang winengku ing sihipun Allah wonten ing Sang Kristus Yesus. Lan malah linangkung saking punika, inggih awit sih-rahmatipun kita kaangkat minangka putra kekasihing Allah lan ahli waris Kratoning Swarga.

Minangka titah ingkang kebak ing karingkihan lan kakirangan estu punika berkah edi lan aji ingkang mboten saged dipun aosi kanthi bandha malah nyawa kita ugi mboten saged dados lintunipun. Sagedipun inggih namung sumanggem hanampeni berkah kanthi raos sokur. Mekatena ugi tansah sumanggem ing pakaryan Dalem Gusti ingkang endah tumrap gesanging sagung titah lan gesang kita. Wonten ing pakaryanipun Sang Kristus gesang ingkang kebak ing karingkihan lan kakirangan sarta tebih saking sae punapa dene sampurna punika dados gesang ingkang aji ingkang tumuju ing kasampurnan. Kasampurnan katampi inggih namung kanthi sumarahing gesang ing kasucenipunipun Sang Kristus, ingkang sampun kababar lan katampi ing gesang punika. Manunggila ing Sang Kristus lan ing sadaya pakaryanipun. Gusti badhe tansah paring berkah. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ