Ezra 6:1-16; Jabur 84; Markus 11:15-19
NUNGGIL ING GUSTI
“Rahayu tiyang ingkang karosanipun wonten ing Paduka, ingkang
gadhah niyat badhe jiyarah. Manawi lumampah wonten ing lebak Baka,
punika kadadosaken panggenan ingkang wonten sumberipun;
tur sinasaban ing berkahing jawah kapisan”
(Jabur 84:6-7)
Wong kang pracaya kuwi kudu golong gilig atine. Yen ing adat Jawa disanepakake kanthi sega golong minangka uba rampe tumpengan. Kang mujudake anggone manembah kanthi golong giliging manah, tekad lan sedya. Jangkepe ya kuwi supaya anggone nyeyuwun lan sedyaning laku kakathenan golong-giliging iman, tekad lan sedyan tumuju redi parange Gusti Allah. Piandel kang mangkono njumbuhake yen uripe namung tumuju marang Gusti Allah.
Juru Masmur mratelakaken bilih tiyang ingkang rahayu inggih punika tiyang ingkang karosan kakiyatanipun wonten ing Gusti Allah. Tegesipun bilih piandel pangandelipun namung ing Sang Yehuwah Allah punika. Inggih Allah ingkang tansah dipun sumuyudi lan dipun bekteni sajegipun gesang. Nyatunggiling raos ing manah lan sedyanipun kaembakaken lebak Baka dados panggenan ingkang ngedalaken toya, sumbering gesangipun. Malah kados dene sinasaban berkah jawah kapisan. Inggih jawah ingkang dipun antu-antu para among tani kangge tumapaking karya nyadhong berkahing Pangeran.
Manunggil kaliyan Gusti badhe mahanani asrep asuping rasa ing manah ndadosaken greget semangating gesang. Mboten saged dipun gantos kalih punapa kemawon. Pindha toya ingkang bening nyegeraken raga anggenipun ngelak lan ngorong. Gesang seger sumringah kebaking berkah lan kakiyatan. Wujud manungil lan Gusti punika kawujud ing iman kapitadosan. Maujud ing tekad lan kumandeling lampah ing karsa lan panuntunipun Gusti Allah. Tansah ngadeg jejeg, lumampah bregas, semangat kumandel bilih Gusti ingkang nyarengi, Gusti ingkang nunggil, Gusti ingkang nuntun sarta njagi, minangka tuking gesang, anjog ing kawidadan ingkang sejati. Amin. |*AK