+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 5 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah III

II Babad 29:1-11, 16-19; Jabur 84; Ibrani 9:23-28

SAPISAN LAN SAMPURNA

“Mangkono uga Sang Kristus iya mung sapisan bae anggone ngurbanake sarirane prelu nanggel dosane wong akeh. Sawise iku bakal ngatingal sapisan engkas ora prelu nanggel dosa, nanging prelu maringake karahayon marang wong kang padha nganti-anti marang Panjenengane.”

(Ibrani 9:28)

Kamaremane wong kuwi yen uripe sampurna, kalis ing godha rencana. Nanging apa ana kang mangkana iku tumraping manungsa kang kebak ing dosa? Uripe kebak ing karingkihan, sarwa kurang lan cupet ing pamawas. Karingkihane ndadekake uripe sansaya ora ana gunane. Kaembakake kaya wong nglambrang kang tanpa tujuan. Dadi malah bisa kaanggep wong geblung awit uripe tanpa kawasisan lan kawicaksanan.

Samono uga Gusti Yesus makarya namung sapisan wae kanggo ing salawase. Awit pakaryaning Allah kuwi kanggo mbirat karingkihaning manungsa awit saka dosa iku. Dadi sing kepingin urip ing kasucen kasampurnaning Allah iku kudu gelem nampani pakaryaning Allah kang ana ing Sang Kristus sabab bab iku kang ngjalari manungsa kuwi bisa sampurna. Kabeh iku kaparingake uger manungsa tansah nganti-anti marang Gusti Yesus ing sajege uripe. Katebus sapisan kanggo salawase, kangga nyadhong karahayon peparinge Gusti kang sampurna iku.

Kadang kala ana pamikir sing ndadekake mangu-mangu yaiku bab apa bisa manungsa kuwi urip sampurna. Manungsa kuwi kebak ing dosa, pangangen-angene akeh sing cengkah karo paugeran lan pakaryaning Gusti. Pancen bener yen manungsa kuwi kebak karingkihan lan dosa, ananging Gusti Yesus paring prasetya yen karahayon kang sampurna iku arep diparingke kanggo para kagungane. Awit saka iku kumandel marang Gusti Yesus kuwi sapisan lan uga kanggo salawase, ora usah miyur, awit kasampurnan kuwi saka Gusti lan peparinge Gusti. Kuwi ora saka pambudidayaning manungsa nanging saka sih rahmat peparinge Allah ana ing Sang Kristus Yesus. Uga bab kumandel yen urip iki mesti iya Gusti sing bakal nganthi, mitulungi, lan nyampurnakake lakuning para pandhereke, ing sauruting uripe. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ