I Para Raja 6:1-4, 21-22; Jabur 84; I Korinta 3:10-23
AYEM ING PADALEMANING GUSTI ALLAH
“Nyawa kawula rempu margi kangen dhateng plataranipun Pangeran Yehuwah, manah kaliyan raga kawula sami asumyak-sumyak tumuju dhumateng Gusti Allah ingkang gesang” (Jabur 84:3)
Ana panemu yen menyang greja kuwi salah sawijining tanda kasetyan marang Gusti Allah. Tandha anggone wis manunggal karo Gusti lan karo pendhereke Gusti. Sabab peranganing badan kuwi ora bisa pinisahake siji lan sijine. Awit saka iku yen pinuju ora isa mangkat menyang greja kaya ana sing kurang, ana sing ilang ing peranganing uripe.
Juru Masmur ngrasakake uripe rumangsa ayem lan tentren amarga uripe celak karo Gusti Allah. Nyawane kabingarake nalikane lumaku tumuju ing Padalemane Sang Yehuwah. Atine tansah asumyak-sumyak, sukarena. Kosok baline yen adoh saka Gusti, uripe tan ana daya. Juru Masmur mratelakake yen nyawane rempu kangen marang Padalemaning Allah. Juru Masmur tansah duweni pangarep-arep marang Gusti Allah. Sadengah apa wae kang tinemu lan kang dirasakake ing uripe kuwi tinemune mung ana ing Sang Yehuwah.
Rasa kang kaya mangkono iku sing kudu kaudi lan kaantepake ing urip manembah marang Gusti Allah. Ati lan rasaning urip bakal ayem, ora bakal kemrungsung, ora bakal was sumelang, apa maneh tinemu wedi ing uripe, tamtu ora bakal ana. Panandhanging urip kuwi mung kaanggep prakara lumrah kang kasandhang. Kaya kang tinemu ing ukara; yen lelara, urip kebak pepalang uga nalikane nemahi panandhang, kaanggep lagi kadangir wae, lan sawuse iku uripe bakal lemu kaya tanduran kang mentas kadangir iku.
Yen nyawang swasana ing jagad pancen kaya-kaya wis ora ana dalan lumaku maneh nanging yen tansah kumandel kaya Juru Masmur iku mesthi ayem lan tentrem, kebak panuwun marang Gusti. Lan mesti kapang, tansah kepingin, marek ing ngarsane Gusti minangka wujud katresnan, kasetyan, lan sokur karana berkahing Allah kang ora bisa kaetung gedhe pangajine. Amin. |*AK