+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 3 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah III

Pangentasan 20:1-17; Jabur 19; I Korinta 1:18-25; Yokanan 2:13-22

KAWASISANING DONYA IKU KABODHOHAN

“Wong-wong Yahudi tumuli nyela atur marang Gusti Yesus: Panjenengan  saged damel mukjijat punapa ingkang saged Panjenengan ketingalaken  dhateng kula sadaya, dene Panjenengan kok nindakaken pratingkah  kados makaten?” (Yokanan 2:18)

Kabodhohaning manungsa iku bab anggone kepingin dianggep pinunjul, diwawas luwih tinimbang liyane. Koskobaline, ora gelem ngakoni kaluwihaning liyan, wong liya malah kaanggep mungsuh, kaanggep saingan kang ngalang-alangi.

Wong Yahudi uga rumangsa disaruwe dening Gusti Yesus, banjur pada genten nyaruwe Gusti Yesus lan malah nantang marang Gusti kanthi pitakon bab apa kang wus katindakake. Prakara iku ngemu teges bab apa kang wus dadi kauntungan kanggo wong Yahudi kang wus katindakake utawa diwenehake dening Gusti Yesus marang wong-wong iku. Ing panemune wong Yahudi, Gusti Yesus aja melu-melu bab prakara iku, sabab Panjenengane iku sapa ta; basa kasare ngono kuwi.

Pancen kadang kala mangkono kang kadadean ing urip iki, yen wong kepingin melu ing bab apa wae ya kudu wis kaanggep dhisik ing panggonan kuwi lagi bisa digatekake panemune, yen ora mangkono tamtu babar blas ora bakal digagas, mbok benera pisan panemune. Sabab kawasisaning jagad iya sing diwawas apik dening jagad. Bab kang  piguna tumrap pamikire utawa panemune jagad, cengkah karo pamawas utawa panemuning karohanen. Awit sing ana ing pikirane mung parkara kadonyan wae. Kaya prastawa ing Padaleman Suci iku.

Awit saka iku lumakuning urip kudu nggunakake kawasisaning peparinge Gusti Allah, kang anjog ing tentren rahayu raharjaning urip, ora ngemungake bab panguripan kadonyan thok. Awit yen mangkono kuwi mesti kelangan katentreman lan karahayoning urip, malah iso sansaya ngelak lan ngorong terus sajege urip. Mara payo padha mikir kanthi ati kang ngener ing pakaryaning Allah lan pepadha, ora mung manut panemu lan kekarepan kita dhewe. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ