Pangentasan 19:16-25; Jabur 19; Markus 9:2-8
MANGERTOSI KARSANIPUN GUSTI
“Anggone matur mangkono iku, marga ora ngreti, apa kang kudu diaturake, saka anggone padha banget wedine. Banjur ana mega
teka ngayomi, lan saka ing sajroning mega iku ana suwara kang kaprungu: Iki PutraningSun kang Sunkasihi, padha estokna dhawuhe.”
(Markus 9:6-7)
Manungsa punika nggadhahi raos penasaran. Asring penasaran bab punapa kemawon. Yen sansaya ditutupi, dialang-alangi, malah ndadekake sansaya penasaran lan sansaya kepingin mangerteni. Kadosta nalikane ana papan kang endah sing diunggah ing media sosial, saben tiyang kepingin ngerti ana ngendi papan kuwi lan yen bisa uga kepingin tekan papan kuwi. Utawa nalika ana kabar kang santer, kabeh iya kepingin ngerti raketan kabar kuwi embuh bener apa luput. Kepinginan mangerti bab samubarang kuwi becik wae lan uga sah-sah wae ananging perlu panaliten bab kabenerane yen kepingin dicritakake maneh marang wong liya. Aja malah ditambahi ukara maneh sing malah sansaya nambahi kuwur bubrahing kahanan lan panemu.
Rasul Petrus matur marang Gusti Yesus bab ingkang tinemu ing batos lan kaaturake kanthi ati kang prayoga, awit iya saka anggone ora mangerti bab apa kang kudu diaturake marang Gusti, luwih saka kang dadi pangangen-angene. Dadi ature rasul Petrus dudu bab kang ngayawara nanging awit saka wedine maring kamulyaning Allah. Gusti Allah paring dhawuh bab kang wis dideleng yaiku bab Kamulyaning Gusti Yesus Kristus, supaya para sakabate padha ngestokake sadawuhe Gusti Yesus minangka Putraning Allah kang den kasihi.
Dadi bab prakara kang kudu kaaturake marang sapa wae kudu kanthi pamawas kang bener apa maneh bab pakaryaning Allah kang tansah dirasakke ing saben dinane. Ora perlu ngomongake bab kang ngayawara nanging kudu bab kang nyata utawa bab kasunyatan sing dirungu, sing dideleng lan dilakoni. Dadi kabeh kudu trep karo karsaning Gusti. Amin |*AK