+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 1 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah II

Pangentasan 19:9b-15; Jabur 19; Lelakone Para Rasul 7:30-40

KASAMPURNANING LAMPAH

“Angger-anggere Sang Yehuwah iku sampurna, nyegerake nyawa…”

(Jabur 19:7b)

Nalika  nindakaken ayahan utawi  jejibahan, biasanipun wonten tatanan utawi aturan ingkang kedah dipun gatosaken. Contonipun wonten ing pawiyatan, wonten ing margi, wonten ing perusahaan, mesthi wonten paugeran lan tatanan ingkang kedah dipun tetepi. Nanging wonten tiyang ingkang nganggep paugeran punika minangka momotan.

Juru masmur mratelakaken bilih angger-anggering Pangeran punika sampurna lan malah dados piranti ingkang migunani tumrap gesanging para tiyang ingkang setya nindakaken. Lan nedahaken bilih Gusti Allah boten nate nilaraken pakaryanipun sarta prajanji prasetyanipun boten nate ewah gingsir, kaadilanipun ugi tansah kababar sarta pangayomanipun lestari. Dados pranatan lan paugeranipun Gusti Allah punika kangge kasaenanipun para kagunganipun.

Paugeraning gesang punika piguna tumrap dhiri pribadi lan sesami malah dados asmanipun Gusti kaluhuraken. Paugeran punika nuntun ing margi Dalem Gusti tumuju kasampurnaning gesang. Saged nggelar lan nggulung gesanging diri, nyagedaken naliti diri, lan ngantepaken pitados dhumateng Gusti. Dados paugeraning Pangeran punika boten dados nambahi momotan gesang, boten nambahi repot, lan ugi sanes pepalang anggenipun nggayuh gegayuhaning gesangipun lan dados margining berkahipun Gusti. Sadaya berkah punika awit saking Ngarsa Dalem Gusti Pribadya, mboten awit pakaryan ingkang kita tindakaken. Kita namung kepareng mbudidaya kanthi sakatoging gesang ananging ingkang kagungan purba wisesa inggih namung Gusti Allah. Nindakaken inggih dados wujud anggenipun ajrih asih dhumateng Gusti. Gesang sumuyud, sumedhe pasrahing diri sawetahipun dhateng Ngarsa Dalem Gusti. Jumbuh kaliyan prasetyanipun Gusti bilih punika badhe ndatengaken kaendahan ingkang nglangkuni mas murni lan legining madu sarta tansah ginanjar berkah ingkang nyegeraken nyawa. Amin |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ