+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 29 Februari 2024, Minggu Pra-Paskah II

Pangentasan 19:1-9a;Jabur 19; I Petrus 2:4-10

KEKASIH PINILIH

“…manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan

temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi

sira padha dadi kekasihingSun pinilih….”

(Pangentasan 19:1-9a)

Semah kita punika kekasih pinilih. Nalikanipun kita nggadahi kekasih pinilih temtu kita tansah budidaya nglairaken katresnan nglangkungi sanesipun. Punapa ingkang dados kewajiban mesthi badhe dipunlampahi kanthi bingah lan tanggel jawab. Sanadyan kalamangsanipun sesambetan ingkang kabangun wonten perkawis, ananging kita mesthi tansah mbudidaya supados saged sae lan pulih malih sesambetanipun.

Kados mekaten ingkang sampun katedahaken dening Gusti Allah tumrap bangsa Israel ingkang sampun kapilih dados umatipun. Gusti Allah paring pratela “Sira wus padha ndeleng samubarang kang wus Suntandukake marang wong Mesir, sarta anggoningSun nggendhong sira ana ing swiwining manuk garudha Sunparakake marang ing ngarsaningSun”(ay. 4) Tegesipun Gusti Allah sampun nedahaken sih katresnanipun dhateng bangsa Israel, katresnanipun sampun gumelar ing gesangipun bangsa punika. Lumantar Nabi Musa, Gusti Allah paring pangluwaran saking tanah pangawulan Mesir, Gusti Allah tansah nuntun, Gusti Allah ugi kersa nyekapi kabetahanipun. Gusti Allah sampun langkung rumiyin nedahaken agenging katresnan lan kasetyanipun dhumateng bangsa Israel minangka kekasih pilihanipun Gusti.

Mila Panjenenganipun ngersakaken supados bangsa Israel ingkang sampun nampi kanugrahan minangka kekasih pinilih saged nedahaken panampi lan mujudaken jejering kekasih ingkang pinilih ugi. Kanthi tansah mbangunturut dhateng Gusti, tansah purun ngestokaken dhawuhipun kanthi temen-temen lan netepi prasetyanipun Allah (ay. 5).

Lajeng kadospundhi tumrap kita? Punapa kita sampun mujudaken patraping kekasihipun Gusti ingkang setya dhateng Panjenenganipun? Punapa kita kanthi temen-temen lan tansah purun netepi prasetyanipun Gusti Allah? |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ