Yeremia 30:12-22; Jabur 105:1-11, 37-45; Yokanan 12:36-43
NGUSADANI MEMALANIRA
“Amarga Ingsun bakal maluyakake sira, Ingsun bakal
ngusadani memalanira, mangkono pangandikane Sang Yehuwah…” (Yeremia 30:17)
Kadospundi raosipun, nalika mireng pangandika “Ingsun bakal ngusadani memalanira”? Temtunipun bungah sanget, punapa malih menawi sampun sawetawis dangunipun memala punika kita sanggi ing gesang. Raosipun kadosdene nalika kita ngelak sangat dumadakan wonten tiyang ingkang maringi ngombe, raosipun seger lan semangat malih.
Kados mekaten punika ingkang karaosaken dening bangsa Israel nalika Gusti Allah ngengeti lan migatosaken malih gesangipun bangsa Israel. Bangsa ingkang nerak paugeran lan gesang ing tumindaking dosa awit nyingkur Gusti Allah. Gusti Allah ngagem Raja Babel inggih punika Nebukadnezar kangge nggecak lan mbesmi Yerusalem lan padelaman Suci. Raja Yehuda Zedekia sesarengan kaliyan rakyat Yehuda kabucal ing Babel.
Ananging sinten ta Gusti Allahipun Israel lan Gusti Allah kita ugi ingkang badhe negakaken gesanging umat selaminipun? Gusti Allah kita sanadyan paring paukuman, nanging Panjenenganipun ugi luber ing katresnan. Nalika bangsa punika awrat ngraosaken memalanipun, Panjenenganipun badhe ngusadani supados saged pulih lan saras malih. Paukumanipun kadhawahaken mboten awit sengit lan getun milih bangsa punika. Ananging Panjenenganipun ngersakaken supados umat pilihanipun tansah gesang ing panuntunipun lan mbangun turut namung dhumateng Panjenenganipun.
Pramila menawi sakpunika kita nembe kaabenajengaken kaliyan perkawis lan raosipun awrat, sampun ngantos kita lajeng semplah lan nilar Gusti. Awit Panjenenganipun mesthi badhe mulihaken kawontenan kita. Panjenenganipun badhe tansah ngusadani memala kita, kablebed lan kapulihaken. Ingkang baken, kita kedah sinau malih, mbokbilih Gusti Allah ngginakaken perkawis lan kasangsaraning gesang minangka sarana Panjenenganipun mulihaken kita lan mangsulaken kita dados umat kagunganipun ingkang sembada. |*IAS