+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Selasa, 27 Februari 2024, Minggu Pra-Paskah II

P. Dumadi 22:1-19; Jabur 105:1-11, 37-45; Ibrani 11:1-3, 13-19

YEHOVAH JIREH GUSTI KANG BAKAL NYADHIYANI

“…Mungguh cempe kang bakal kagawe kurban obaran

iku Gusti Allah piyambak kang bakal nyadhiyani,…”

(Purwaning Dumadi 22:8)

Rama Abraham kasuwun dening Gusti nindakaken perkawis ingkang awrat lan mokal katindakaken dening para tiyang sepuh, inggih punika ngorbanaken Ishak putranipun. Putra ontang-anting ingkang kaantu-antu ngantos yuswanipun Rama Abraham ngancik 100 taon. Kanthi kebak ing pambangun turut, Rama Abraham nyawisaken sedaya ingkang kedah katindakaken. Rama Abraham, Ishak lan para abdinipun sami mlampah nilar tendhanipun tumuju ing satunggaling redi ing tlatah Moria, ing panggenan ingkang kangge ngurbanaken Ishak, putranipun.

Nalika Ishak paring pitakenan dhateng ramanipun: “Lah punika latu lan kajengipun sampun wonten, nanging cempe ingkang kadamel kurban obaran wonten pundi?” Abraham alandhesan iman dhumateng Gusti paring wangsulan: “Gusti kang bakal nyadhiyani (Yehovah Jireh)”. Ngantos dumugi ing papan ingkang katemtokaken, Abraham nindakaken dhawuhipun Gusti tanpa suwala lan ajrih punapa malih kebak pamangu. Rama Abraham tumuli yasa misbyah, anakipun dipuntaleni, lajeng katumpangaken ing misbyah. Nalika Rama Abraham mulung astanipun ngasta lading karsa nyembelih kang putra, ing ngriku lumantar Malaekat, Gusti Allah ndangu lan nyegah Abraham mejahi putranipun. Gusti Allah mirsani agenging bukti pambangun turut lan imanipun Abraham. Gusti Allah saestu nyadhiyani wedhus gembel lanang minangka kurbanipun.

Sikap ingkang mbangun turut dhumateng Gusti punika ingkang perlu kita wujudaken ing gesanging kapitadosan. Kita sregep ngibadah, nindaki kempalan pandonga, pancen kedah kita lampahi minangka pasinaoning iman; nanging menawi kalamangsanipun Gusti ngersakaken ingkang aji ing gesang kita, kita kedah sumadya lan mbangun turut, awit Gusti kang bakal nyadhiyani. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ