+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 24 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah VI/Minggu Palmarum

Jabur 118:1-2, 19-29; Markus 11:1-11

SETYA NINDAKAKEN DHAWUHIPUN

“Paduka punika Allah kawula, Paduka badhe kawula caosi pamuji sokur,

dhuh Allah kawula, Paduka badhe kawula luhuraken. Padha saosa

pamuji sokur marang Sang Yehuwah, awit Panjenengane iku sae!

Ujer sih-susetyane iku kanggo ing salawase.”  (Jabur 118:28-29)

Kasetyan punika satunggaling perkawis ingkang luhur lan wigati. Tanpa kasetyan gesang punika boten saged tentrem, boten badhe wonten raosing pasedherekan. Ingkang wonten namung kapentinganing pribadi. Ingkang kiyat saged nindhes sesaminipun kangge kamaremaning dhirinipun. Boten wonten kaadilan lan karaharjaning gesang.

Juru Masmur mratelakaken anggenipun kepingin dhateng kaleresanipun Gusti Allah. Wonten ing kayektenipun Gusti Allah punika sagedipun nelakaken raosing pamatur nuwun. Inggih awit ing kayektenipun punika kababar prasetyanipun Gusti Allah ingkang boten nate ewah gingsir. Gusti Allah boten  nyelaki prasetyanipun ananging malah tansah dipun kekahaken lumantar para abdinipun. Gesang ingkang tansah kumandel lan kanthi kakendelan marek sowan ing Ngarsa Dalem Gusti. Sadaya katindakaken awit saking pitedahipun lan karsanipun Gusti Allah pribadi. Supados Gusti tansah paring kabegjan lan karaharjan, malah nyatosakaken gesang ing pangandel wetah ing ngarsanipun.

Juru Masmur ngatag supados samia ngunjukaken sagunging pamuji sokur. Inggih awit saestu Gusti Allah punika minangka tuking tentrem rahayu raharjaning gesang. Estu kasetyanipun saged dipun tingali, dipun raosaken ing gesang punika. Sampun ngatos ing gesang punika kecalan kasetyan. Makatena ugi pitadosa bilih Gusti Allah punika Maha setya lan kasetyanipun punika saestu boten badhe ewah gingsir ing gesanging para tatahipun, punapa malih dhateng tiyang ingkang tansah setya dhumateng Gusti. Ingkang tansah kumandel dhateng pakaryanipun Gusti ing gesang punika. Bilih pakaryanipun endah, nglejaraken manah. Tansah ugi sumanggema nampi pakaryaning Gusti ing gesang punika, Gusti tansah nunggil ing gesanging umat kang pitados. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ