+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 26 Februari 2024, Minggu Pra-Paskah II

Purwaning Dumadi 21:1-7; Jabur 105:1-11, 37-45; Ibrani 1:8-12

SEJATINE GUSTI NGGATEKAKE

“Kacarita Sang Yehuwah nuweni marang ibu Sara, kaya kang

wus dipangandikakake lan Sang Yehuwah karsa nandukake

marang ibu Sara kaya kang wus diprasetyakake?”

(Purwaning Dumadi 21:1)

Wonten satunggaling pepanggihan ing pasamuwan, Narasumber acara punika paring pandangon: “Sinten ingkang ngantos sakmenika panyuwunanipun dhateng Gusti dereng dipunsembadani?” Satunggaling peserta atur wangsulan, “kula!, kula sampun dedonga lan nyeyuwun dhateng Gusti watawis 10 tahun kepengker ananging ngantos sakmenika dereng nampi wangsulan” Narasumber punika taken malih: “lajeng sikap panjenengan kadospundi dhumateng Gusti?” Peserta wangsulan: “kula nggih tetep nyuwun dhateng Gusti, mbokbilih mangke menawi Gusti sampun nemtokaken wekdalipun badhe maringi wangsulan dhumateng kula”.

Sinten ingkang mangertos bilih Gusti Allah badhe nyembadani panyuwun kita? Mboten wonten ingkang sami mangertos, mila kalanipun wonten ingkang lajeng kendho, loyo lan mbokbilih ngundhamana dhumateng Gusti, awit panyuwunipun dereng kasembadan. Sarai nedahaken sikap ingkang mekaten, piyambakipun boten pitados, gumujeng lan ngremehaken awit mokal menawi sampun sepuh lan gabug badhe saged mbobot. Punapa malih wiwit nampi wartos ingkang sepisanan ngantos Sarai pinanggih wawrat mboten  wekdal ingkang celak. Ananging nyatanipun Gusti nyembadani prasetyanipun, “Ibu Sarai nggarbini sarta mbabar putra kakung….ing waktu kang wus ditetepake, cocok karo pangandikaning Allah marang panjenengane” (PD 21:2)

Ing wekdal ingkang katemtokaken dening Panjenenganipun, sanes wekdal kula, sanes  wekdalipun bapak lan ibu, ananging wekdalipun Gusti. Punika ingkang kedah kita jinggleng sesarengan supados kanthi mekaten kita tansah pitados lan mantep bilih Gusti badhe tansah nyembadani ing wekdalipun ingkang sampun katemtokaken.  Nalika wekdalipun sampun pinesthi kita badhe mengartos bilih “sejatine Gusti nggatekake”. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ